Kamis, 11 Juni 2015

Juni 11, 2015 -

Piwucalan 4 Macapat

Standar Kompetensi 
Memahami berbagai wacana non sastra dan sastra dari berbagai media. Membaca dan memahami pesan moral dari wacana beraksara

Kompetensi Dasar Indikator
• Melatinkan beberapa buah pupuh Gambuh dalam serat Wulangrèh
• Memahami beberapa kosakata sulit dalam teks.
• Mengetahui isi kandungan piwulang dalam pupuh Gambuh serat Wulangrèh.

TEMBANG MACAPAT 

Manut serat Mardawalagu, ingkang dipunyasa déning R.Ng Ranggawarsita, macapat punika wujudipun saking tembung maca pat lagu, ingkang tegesipun maos tembang ingkang kaping pat.

Sanèsipun maca pat lagu, taksih wonten malih maca sa lagu, maca ro lagu lan maca tri lagu. Jlèntrèhipun makaten :
  1. Maca sa, punika kalebet tembang ingkang kina (Jaman Kediri I) kasebat tembang Kawi (Sekar Kawi). 
  2. Maca ro, punika ugi kalebet kina (Jaman Kediri II) kasebat tembang gedhé (Sekar Ageng) 
  3. Maca tri, punika ugi kalebet kina nanging sampun sakwetawis radi énggal (Jaman Wilwatikta) kasebat tembang tengahan (Sekar Tengahan). 
  4. Maca pat, punika kalebet énggal (Demak – Mataram), ugi kasebat tembang cilik (Sekara Alit). 
Rikala Jaman Demak, saksurutipun karaton Hindu – Wilwatikta (Majapahit), tanah Jawa wiwit salin agama Islam, para Wali ingkang gungungipun wonten 8 lan ratu Demak lajeng ngawontenaken parepatan ingkang dipunwastani Walisanga, ancasipun inggih punika minangka sarana ngislamaken tanah Jawa, para wali lajeng sumebar ngislamaken tanah Jawa, anggènipun ngislamaken mawi sarana dakwah ngginakaken budaya Jawa, salah satunggalipun tembang macapat.

Mila saklajengipun tembang macapat ingkang èstunipun sampun wonten rikala jaman Hindu – Wilwatikta karéka lan kagelar kanthi urutan ingkang ngemu suraosing ngèlmu, gegambaran lampahing manungsa wiwit ing jaman roh ngantos surud ing kasidan jati, wangsul wonten ngarsaning Gusti.

Urutaning tembang Macapat lan Piwulangipun

1. Maskumambang
Gegambaran: Nggambarakén sangkan paran dumadining manungsa, rikala taksih wonten ing alam ruh, saklajengipun katanem salebeting guwa garbaning ibu.
Katrangan: Ing alam ruh, bakal bayi katanting lan tinakènan déning Gustinipun Makaten “Ingsun iki Gusti Pangéranira”. Lajeng ruh sami wangsulan “Inggih leres Panjenegan Gusti Pangéran Kula”.

2 Mijil
Nggambaraken kawontenan nalika mijiling bayi saking guwa garbaning ibu.
Gegambaran mijiling manungsa punika mangké kajumbuhaken kaliyan piwucal ing aksara Jawa.

3 Sinom
Nggambaraken kawontenan manusia wiwit alit ngantos dumugi diwasanipun.
Bab punika ugi kajlèntrèhaken langkung kathah ing piwucal ingkang wonten salebeting aksara Jawa.

4 Kinanthi
Nggambaraken olah kridhaning manungsa ingkang madosi sejatining gesang kinanthèn sangu kagunan ngèlmu dunya lan agama.
Bab punika ugi kajlèntrèhaken langkung kathah ing piwucal ingkang wonten salebeting aksara Jawa.

5 Asmaradana
Nggambaraken kawontenan manungsa rikala wiwit ketaman asmara.
Bab punika kajumbuhaken kaliyan suraosing kalam QS. Ar Rum : 213 (Lan Ingsun ciptakaké ing antarané sira kabèh tresna lan rasa asih, sakteméné sajroné ana tandha – tandha kuasaningsun tumrap wong sing padha mikir).

6 Gambuh
Nggambaraken kawontenan manungsa ingkang sampun sami mangun balégriya, gesang bebrayan minangka kaluwarga énggal kedah jumbuh.
Bab punika kajumbuhaken kaliyan suraosing kalam QS. Al Baqarah : 1874 (Bojo – bojonira (wadon) kuwi minangka klambi tumrapira, lan sira minangka klambi tumrap dhèwèké).

7 Dhandhanggula
Nggambaraken manungsa ingkang sampun temata gesangipun.

8 Durma
Nggambaraken kawontenan manungsa ingkang sampun mapan lan sageda asung derma dumateng sesamining gesang.
Bab punika kajumbuhaken kaliyan suraosing Hadist Riwayat Muslim, No.2699 ; Sing sapa wongé gelem ngènthèng – ènthèng sengsarané seduluré nalika ing ngalam donya, mula Gusti (Allah) bakalé ngènthèng – ènthèng dhèwèké bésuk nalikané ing akhérat.

9 Pangkur
Nggambaraken kawontenan manungsa ingkang sampun sepuh kedah saged mungkur saking sedaya kanikmatan dunya. Damel reresik lair tuwin batin kanthi nyaketaken wonten ngarsa Dalem Gusti (Allah).

10 Megatruh
Nggambaraken wangsulipun janji, manungsa nemahi pejah wangsul dateng ingkang kagungan.
Bab punika kajumbuhaken kaliyan suraosing kalam QS. Ali ‘Imran: 1855 (saben manungsa bakalé ketekan mati)

11 Pocung Nggambaraken menawi nyawa sampun oncat saking badan, mila manungsa lajeng kapocong.


Tembang macapat utawi ugi winastan sekar alit punika kaiket patokan ingkang sinebat, guru gatra, guru wilangan lan guru lagu, :
  • Guru gatra, cacahing ukara / gatra saben sakpada. 
  • Guru wilangan, cacahing wanda saben sakgatra. 
  • Guru lagu, tibaning swara saben pungkasaning gatra utawi ukara.  

WATAK WANTUNIPUN TEMBANG MACAPAT 

1. Mijil, wedharing rasa utawi manah, saenipun kanggé cariyos ingkang mengku pitutur, utawi gandrung. 
2. Pocung, kendho tanpa greget, saénipun utawi cocogipun kanggé medharaken piwulang ingkang becik. 
3. Megatruh, sedhih, kingkin utawi susah, kaworan punapadéné nglokro ing galih. 
4. Kinanthi, remen, asih utawi tresna, kanggé mituturi, kanthi raos katresnan. 
5. Maskumambang, sedhih, nalangsa utawi keranta – ranta. 
6. Durma, galak, jèngkel utawi muntap, kanggé anyariyosaken kawontenan payudan (perang). 
7. Pangkur, kanggé anggambaraken kawontenan ingkang boten gampil kendho utawi nglokro. 
8. Asmaradana, sengsem, seneng, sedhih, prihatos, kanggé cariyos langen asmara. 
9. Dhandhanggula, luwesan, resep, kanggé piwulang lan kekidungan. 
10. Sinom, grapyak, semanak.
11. Gambuh, rumaket, wanuh wantun, saénipun utawi cocog kanggé medharaken pitutur ingkang cumaket. 


Wujud Sasmita

Kados ingkang sampun dipunmangertosi bilih sasmita tembang punika minangka sarana tetenger pupuh tembang salebeting serat – serat Jawa, 

wondéné wujuding sasmita saged mapan ing : 

• Purwaning pupuh utawi mapan ing pada sepisan pupuh tembang, sasmita punika paring sasmita utawi tetenger bilih pada – pada tembang kasebut kalebet pupuh tembang kados ingkang dipunkajengaken, tuladha sasmita tembang ing purwaning pupuh.

Pupuh I tembang Sinom pada 1 Babad Wanasowan :
Roning kamal kang dén arsa, binabar lampahing nagri, rinumpaka jroning puspa, puspa sekar wus ngarani, élinga sira kaki, marang carita ngaluhur, tri dasa surya kala, dité manis kang masèhi, désèmber lumampahing windu kuntara. (babad wanasowan, I : 1) 

Pada tembang nginggil punika wonten sasmita tembangipun roning kamal ingkang dipunjakengaken godhong asem inggih punika sinom mila pada nginggil punika kalebet pupuh tembang Sinom. 

• Purnaning pupuh utawi mapan ing pada pungkasan pupuh tembang, sasmita punika paring tetenger bilih pada saklajengipun sampun salin tembang kados ingkang dipunsasmitakaken. Tuladha sasmita tembang ing pungkasaning pupuh. 

Pupuh I tembang Sinom pada 8 lan Pupuh II tembang Kinanthi pada 1 Babad Wanasowan ;
Rena galihnya jeng pangran, arsa tedhak Sélamanik, kinanthi sakwadyabala, pinacak baris sinandi, lampahnya ngati ati, tan pedhot rina lan dalu, ki tumenggung tan pirsa, katungka lampahnya sandi, gantya kinanthi kang nedya lumaksana. (babad Wanasowan, I : 8) 

Kinanthén rina lan dalu, wadyabala kang lumaris, bala ageng Tegalreja, arsa tedhak Bendasari, ngupaya sakèhing bala , rineksèng Asmarasupi. (Babad Wanasowan, II – 1) 

Pada 8 pupuh tembang punika taksih Sinom nanging badhé salin pupuh kinanthi mila wonten tetembunganipun Kinanthi, lan pupuh saklajengipun sampun wujud tembang Kinanthi kados sasmita ingkang wonten pada sepisanipun Kinanthèn.