Kamis, 11 Juni 2015

Juni 11, 2015 -

Piwulang 1 Pranatacara

Standar Kompetensi 
Memahahi berbagai wacana lisan sastra dan budaya Jawa dari berbagai sumber.

Kompetensi Dasar 
Memahami dan menanggapi pranatacara dari berbagai media.

Indikator
• Menyiapkan kerangka sebuah mata acara.
• Menyusun kerangka sebuah mata acara.
• Membawakan sebuah acara sebagai pranatacara.

Pranatacara utawi panatacara ?

Salebeting kawruh basa Jawa asring kapyarsa tetembungan pranatacara utawi panatacara, tetembungan kalih punika menawi dipunudhal saged nggadhahi teges ;

1. Pranatacara, tetembungan punika bakunipun saking tetembungan pranata lan adicara, manut bausastra Jawa tembung pranata sami tegesipun kaliyan paugeran. Wondéné adicara sampun cetha tegesipun. Dados menawi mekaten tetembungan pranata adicara punika paugeran tumraping tata gelar adicara ingkang badhé kalampahan. Gampilipun tembung pranata adicara punika sami kaliyan daftar acara (tatacara / random acara) lan ubarampénipun.

2. Panatacara, tetembungan punika bakunipun saking tetembungan panata lan adicara, manut bausastra Jawa tembung panata nggadhahi teges ingkang nata. Déné adicara sampun cetha tegesipun. Dados menawi mekaten tetembungan panata adicara punika pawongan ingkang kajibah nata lan ngatur tumapaking adicara wiwit pambuka ngantos paripurna, cekakipun tembung panata adicara punika lajeng kalimrah dipuntembungaken MC (Master of Ceremonnies) utawi pembawa acara.

Adicara lan Upacara.

Tembung “acara” adatipun dipunginakaken sakkersanipun minangka jarwan (terjemahan) basa Indonesia “acara”, kamangka jarwanipun tembung “acara” salebeting basa Jawa ingkang langkung trep inggih punika “adicara”. Tuladhanipun, adicara pèngetan dinten kamardhikan, lsp.

Tembung “upacara” salebeting kawruh basa Jawa nggadhahi teges adicara – adicara ingkang sipatipun langkung mirunggan ing babagan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan lelayu, punapadéné panghargyan dhauping pinangantèn. Mila inggkang mbèntenaken tata rakit panganggènipun mligi wonten kadadosan ingkang lumampah, menawi kadadosan punika kagelaraken kanthi mawi ubarampé adat punapadéné tradisi Jawa mila saged dipunwastani upacara. Tuladhanipun, upacara panggih temanten, upacara pambidhaling layon.

Sangu Tumraping Paraga Panata Adicara.

Panata adicara minangka salah satunggaling ayahan ingkang baku salebeting adicara, lan supados ayahan punika saged kalampah kanthi prayoga pramila paraga panata adicara kedah kagungan sangu ingkang cekap lan jangkep. Rèhning panata adicara punika ing salebeting pasamuan dados punjering kawigatosan, pramila inggih kedah ngudi murih saged renggep ing wicara.

Renggep tegesipun candhak / nyandhak, wondéné wicara tegesipun gunem/ tutur/ pangandikan. Pramila renggeping wicara punika saged dipuntegesi ; nguwaosi / ngendalèni sedaya pakartining tutur, supados wijiling pangandikan saged tata, tatas, tètèh, lan titis.
  • Tata ing babagan ; basa sastra tuwin patrap. 
  • Tatas ing bab babaran tuwin isining wedaran. 
  • Tètèh ing bab wijiling pangandikan ; rancak, cetha, lan wiramanipun sekéca. 
  • Titis tegesipun trep kaliyan swasana. 
Kanthi mekaten nembé saged dipunwastani renggep ing wicara, menawi wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan, panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep lan saged jumbuh kaliyan swasana, saha sadaya kalawau kaaturaken kanthi rancak lan sekéca dipunmirengaken.

Kathah perkawis ingkang kedah dipuncawisaken minangka sangu murih saged renggep ing wicara, ing antawisipun saged kapérang dados tigang (3) pérangan ;
  1. Gegayutan kaliyan jiwaning wedharan, inggih punika pambudidaya murih wedharing pangandikan nggadhahi bobot tuwin raos. 
  2. Gegayutan kaliyan ulah swara, inggih punika pambudidaya murih wijiling pangandikan saged cetha tuwin membat mentuling swara sekéca dipunmirengaken. 
  3. Gegayutan kaliyan patrap, inggih punika pambudidaya murih patraping salira punapadéné patraping busana netepi subasita ingkang lumampah. 
Sangunipun panata adicara tuwin pamedharsabda supados wijiling pangandikan nggadhahi bobot antawisipun wonten gangsal (5) perkawis ;
  1. Pirsa saèstu / nguwaosi dhateng ayahanipun. 
  2. Nguwaosi basa lan sastra. 
  3. Tètèh / baut micara. 
  4. Lantip ing panggraita saha tanggap ing swasana. 
  5. Kagungan kawruh ingkang cekap, mliginipun ingkang wonten gegayutanipun kaliyan ayahan punapadéné kawruh sanèsipun. 
Wedharing pangandikan saged kadamel rowa utawi ringkes mekaten ugi ing bab basa ingkang kaginakaken, saged kanthi basa ingkang prasaja punapadéné basa ingkang rinengga, sedaya kalawau gumantung swasana ingkang lumampah. Wonten salebeting upacara / adicara punapa, sinten ingkang midhangetaken, saha wekdal ingkang sumadya.

Bakunipun wedharaning pangandikan kedah urut runtut, cetha pilah - pilahipun, satemah isining wedharan saged jumbuh kaliyan ayahan ingkang lumampah. Babaring pangandikan, prayogi kapérang dados tigang (3) perkawis :

• Purwaka, inggih punika atur pangandikan ingkang minangka pambuka. Ingkang kalebet ing pérangan purwaka antawisipun :
  • Salam pambuka / uluk salam. 
  • Asung pakurmatan dhumateng para tamu. 
  • Muji syukur wonten ngarsaning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi. 
  • Ngaturaken gatining ayahan. 
  • Ngaturaken reroncèning adicara. 
  • Tata laksitaning adicara kawaos saking pambuka ngantos dumugi panutup, lajeng para tamu kasuwun sekéca lenggah, angantu adicara saklajengipun. 
• Isi utawi péranganing isi ingkang wigati, inggih punika wosing pangandikan. Ingkang kalebet pérangan wigati tumrap panata adicara kadosta ngaturaken saben – saben adicara, rikala ngaturaken saben  adicara kedah cetha anggènipun ngaturaken adicara ingkang badhé lumampah, setunggal mbaka setunggal para paraga ingkang hanyengkuyung dipunaturi kanthi cetha.

• Wasana, inggih punika atur ingkang minangka panutup. Wondéné pérangan wasana, tumrap panata adicara antawisipun ;
  • Nyuwun pangapunten dhumateng sedaya kekirangan saha kalepatan anggènipun nindakaken jejibahan. 
  • Ndhèrèkaken sugeng konduripun para tamu. 
  • Ngaturaken adicara panutup kanthi salam panutup.