Sabtu, 13 Juni 2015

Juni 13, 2015 -

Piwulang 5 Budi Pekerti

Standar Kompetensi
Mengungkapkan gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai karangan non sastra dalam kerangka budaya Jawa.

Kompetensi Dasar 
Menulis artikel yang memuat budi pekerti

Indikator
• Mengelompokkan beberapa hasil budaya Jawa yang memuat ajaran budi pekerti.
• Memahami etika pergaulan antara sesama dan orang yang lebih tua.
• Etika siswa dengan lingkungan sekolah (guru dan karyawan).

UNDHA – USUK BASA JAWA

1. Undha – Usuk Basa Ingkang Baku
Ingkang dipunwastani undha – usuk basa baku, punika basa ngoko saha krama ingkang ngetrepi wawaton utawi paugeranning undha – usuk basa. Tuladhanipun undha – usuk basa ingkang dipunwulangaken ing pawiyatan, ingkang dipunanggé ing kaperluan utawi kawigatosan resmi, ingkang dipunanggé ing buku – buku seserepan, buku – buku basa lan sastra Jawa, lsp.

2. Undha – Usuk Basa
Ingkang Kirang Baku Amargi paugeran undha – usuk basa punika satuhu namung awujud pandom utawi ancer – ancer, kados langkung prayogi yèn boten dipunwastani undha – usuk basa ingkang boten baku, nanging ingkang kirang baku. Amargi cak – cakanipun ing unggah – ungguh basa mila remit, temtunipun ugi boten gampil badhé mbédakaken pundi ingkang baku saha pundi ingkang boten baku. Kados langkung sekéca menawi nitik / nitèni kémawon sapinten kekiranganipun saking paugeran, kathah punapa sakedhik.

Wondéné kekirangan wau dumados saking daya pangaribawanipun basa – basa ingkang boten baku, inggih punika tilaran saking basa Jawa ing jaman kajawèn arupi basa madya lan basa krama désa, basa enggèn – enggènan, basa Indonesia saha basa manca.


Dados wosing andharan, bilih tiyang saged ing unggah – ungguh basa, yèn wicanten utawi sesambetan kaliyan tiyang sanès, basanipun tansah dipunarah – arah, netepi pranataning subhasita, paugeraning tata susila, murih tansah adamel reseping manah.

Wondèné caranipun, tiyang wau tansah saged nglenggahaken dhiri pribadhi, njagi ajining dhiri nanging boten pegat ing lampah lembah manah, andhap asor saha pinter ngurmati ing ngasanès. Tumrap unggah – ungguh basa, prakawis ingkang kalebet wigatos lan remit inggih punika cak – tumindakipun ngurmati tiyang sanès, amargi kanthi tansah mulat sawatawis pepènget utawi factor, ing antawisipun :

  1. Faktor umur. Tuladhanipun : laré alit ngurmati laré ingkang langkung ageng. Tiyang enèm ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh. 
  2. Faktor peprenahan (kekerabatan). Wosipun tiyang ingkang kaprenah enèm, ngurmati sadhèrèk ingkang awunipun langkung sepuh. Tuladhanipun : adhi ngurmati kakang utawi mbakyu. Anak ngurmati bapa lan ibu (tiyang sepuh). Putu ngurmati embah. Keponakan ngurmati bapa paman lan bibi, lsp. 
  3. Faktor drajat pangkat. Tuladhanipun : murid ngurmati guru. Pegawé ngurmati pangarsanipun. Warganing pakempalan ngurmati sesepuhipun. 
  4. Faktor drajat semat. Tuladhanipun : Tiyang ingkang sugih, utawi sitinipun wiyar, blanjanipun ageng, lsp. 
  5. Faktor trah. Tuladhanipun : Tiyang ingkang gadhah sesebatan, radèn ajeng, radèn mas, lsp. 
  6. Faktor tetepangan. Wosipun tiyang ingkang dèrèng tepang, dèrèng patos tepang, utawi tepangan énggal, limrahipun langkung dupunurmati tinimbang tiyang ingkang sampun kulina. Tuladhanipun : yèn manggihi tamu, utawi tetumbas dhateng bakul, ingkang dèrèng tepang utawi dèrèng kulina, limrahipun mawi basa krama.  
Manut saking layang Karti Basa terbitan Kementrian PP dan K (1946: 64 – 84), mratélakaken bilih undha – usuk basa punika kapérang dados pitung (7) tataran, ing antawisipun :


TULADHA UNDHA – USUK BASA JAMAN RUMIYIN (KARTI BASA) 

Tuladha – tuladha ngandhap punika, namung minangka waosan kémawon lan tambahing kawruh.
1. Basa ngoko (Antya-basa) 
Pawicantenanipun Samadikun kaliyan Sumarji ; 
Samadikun : “Mau bengi sliramu apa sida tindak menyang Prawirataman ?”. 
Sumarji : “Sida, dakperlokaké ndeleng wayangé, lah kangmas apa ora mriksani, kok kaya ora katon ?”. 
Samadikun : “Ora, wong awakku lagi rada ora kepénak, mula bener ngendikamu, aku kakèan melèk nanging arang jejamu”. 
Sumarji : “Wah, mungguh kangmas rawuh mesti ora kersa kondur, amarga dhalangé apik tur lucu banget”. 

2. Basa madya (Madya-ngoko) 
Pawicantenanipun Mbok Sardi kaliyan Mbok Merta ; 
Mbok Sardi : “Dika ésuk – ésuk kok empun mruput teng pasar, onten perlu napa?”. 
Mbok Merta : “Ajeng nempur, nèk rada kawanan sok boten komanan”. 
Mbok Sardi : “Kula niki temené nggih butuh beras kaya ndika”. 
Mbok Merta : “Nggih engga bareng, njing pasaran ngarep niki rak dereng kena dipestèkké, adat sing empun – empun beras – pariné wong désa sami disimpen mawon”. 

3. Basa krama-désa 
Pawicantenan antawisipun mas Marta (mawi basa ngoko) kaliyan Sadrana (mawi basa krama-desa) ; 
Mas Marta : “Rak ya padha slamet baé ta kang Sadrana ?”. 
Sadrana : “Saking pangéstu sampéyan inggih wilujeng, ing ngriki ndara punapa sami wilujeng ?“. 
Mas Marta : “Saka pandongamu ya slamet, lah kepiyé kabaré wong tuamu jaré nembé nandang gerah ?”. 
Sadrana : “Inggih sakpunika tiyang sepah kula sampun dhangan, keranten sampun kula priksakaken dhateng Puskesmas, lan sakpunika sampun waged olah tetanèn malih “. 

4. Basa krama (mudha-krama) 
Pawicantenanipun mas Sunardi kaliyan jeng Nikèn ; 
Mas Sunardi : “Lho, adhi badhé tindak pundi ?”. 
Jeng Nikèn : “Badhé dhateng Klathèn, dipuntimbali bapak”. 
Mas Sunardi : “Sajakipun kagungan prakawis wigatos, ingkang rama mawi nimbali adhi ?”. 
Jeng Nikèn : “Ngandikanipun bapak, ibu gerah ngantos mlebet griyasakit”.  

5. Basa krama inggil 
Pawicantenan antawisipun bupati (mawi basa ngoko) kaliyan lurah (mawi basa krama-inggil) : 
Bupati : “Kepriyé lurah, wong – wong ing désamu apa wis padha nindakaké kuwajiban nanggulangi lelara pès ?”. 
Lurah : “Nuwun inggih, tetiyang sampun abdi-dalem cariyosi kedah reresik, mranata griya saha pakawisan manut dhawuhing nagari”. 
Bupati : “Apa kowé wis gawé palapuran cacahé wong sing lara lan tiwas ing sajroné sasi iki ?”. 
Lurah : “Nuwun inggih sampun, abdi-dalem caosaken ndara Wedana”. 
Bupati : “Yèn mangkono bésuk dina Senèn ngarep iki aku pepriksa ing désamu”. 
Lurah : “Menawi kersa dalem makaten, abdi-dalem kaparenga munjuk, mugi wontena kersa dalem tindak nitih montor miyos ing dusun Bèji kémawon, ingkang marginipun sampun saé”. 

6. Basa kadhaton 
Pawicantenanipun mas Danur kaliyan Rama Braja ; 
Mas Danur : “Kala wingi ing griya jengandika kados wènten tamu ?”. 
Rama Braja : “ Enggéh, tamu adhi kula”. 
Mas Danur : “Lho, punika adhi ingkang pundi ?, punapa jengandika meksih darbé adhi melih ?”. 

7. Basa kasar 
Pawicantenan antawisipun Dul Jabar kaliyan Sarmin : 
Dul Jabar : “Min, ayo tangi wis awan micek baé gawému !!!”. 
Sarmin : “Asem ki, semprul tenan….ngapa ta ?”.




WOHIPUN MARSUDI UNGGAH – UNGGUH BASA 

Maksudipun marsudi unggah – ungguh basa punika ; sinau seserepan unggah – ungguh basa, salajengipun angudi lan nggegulang ngantos saged nindakaken kanthi prayogi. Sinten kémawon ingkang nindakaken unggah – ungguh basa Jawi kanthi satuhu, sanajan sanès tiyang Jawi, mesti badhé ngundhuh woh ingkang aji tuwin migunani. Wondéné sebabipun amargi sampun dados kasunyatan  bilih tumrap tiyang Jawi unggah – ungguh punika dados sumbering subhasita kanggé ngurmati tiyang sepuh saha tiyang sanès, ingkang minangka dhasar mbangun luhuring budi.

KAUTAMANANING UNGGAH – UNGGUH BASA TUMRAP DIRI PRIBADHI 

Tumrap tiyang Jawi utawi sok sintena ingkang purun / kersa marsudi unggah – ungguh basa kanthi tumemen, badhé ngundhuh woh ingkang pangaos, mirungganipun ing bab tumindak saha bebudèn luhur. 

Kautamaning ngagesang saking unggah – ungguh basa ingkang kènging kanggé mbangun watak – wantu kapribadèn, inggih punika : 

1. Adamel resep lan sekèca manahipun tiyang sanès. Tembang Sinom gatra pungkasan : Amemangun karyènak tyasing sasama. 

2. Tansah nglenggahaken dhiri pribadhi kanthi prenah lan papan. Tembang Wirangrong gatra kaping 3, 5, 6 : • Aja dumèh dumèh bisa muwus, -….. 
• Sandyan mung sakecap, 
• Yèn tan pantes prenahira. 

3. Tansah ngugemi kasusilan. Tembang Pangkur gatra kaping 5, 6, 7 
• Mrih kretarta pakartining ngélmu luhur, 
• Kang tumrap nèng tanah Jawa, 
• Agama ageming aji 

4. Tansah andhap – asor lan urmat. 
• Yèn tan mikani rasa, 
• Yekti sepi asepa lir sepah samun, 
• Samangsané pasamuan, 
• Gonyak – ganyuk nglelingsemi.  

TATA KRAMA DHUMATENG TIYANG SEPUH 

Ingkang dipunwastani sepuh inggih punika bapak saha ibu, tiyang sepuh kuwalon, menawi anggènipun ngrukuni wiwit alit, inggih kedah dipunaken kados tiyang sepuhipun piyambak, langkung – langkung menawi tiyang sepuhipun piyambak sampun séda. Makaten ugi tiyang sepuh angkat. Sabda Dalem Gusti Allah salebeting Al-Quran ngandharaken “Aja sira ngucap hus marang wong tuwanira, lan poma sira kudu tumindak kanthi rasa tresna asih lan kurmat (ngajèni)”. Mila lajeng kaandharaken tata krama anak dhumateng tiyang sepuhipun kados ing ngandhap punika : 

1. Anak kedah ngulinakaken salaman dhumateng tiyang sepuhipun, menggah caranipun mekaten ;  
  • Anggènipun salaman mawi asta kalih.  
  • Tangan kalih èpèk – èpèkipun dipuntangkupaken lajeng dipunambung (jempol tumumpang irung). 

2. Anak menawi matur dhumateng tiyang sepuhipun ;  
  • Ngginakaken basa Jawa Krama inggil.  
  • Menawi matur kaliyan tiyang sepuh kanthi ngadeg, badan jejeg nanging sirah tumungkul, sarta suku rapet asta ngapurancang.  
  • Menawi matur kaliyan tiyang sepuh kanthi lenggah, anggènipun lenggah badan jejeg, sirah tumungkul, lan tangan ngapurancang. 

3. Anak menawi ndhèrèkaken tiyang sepuhipun.  
  • Menawi tindak sesarengan ing margi, anak ing wingking tiyang sepuh ing ngajeng. 

4. Anak menawi ndhèrèkaken dhahar sareng.  
  • Anak ingkang gladosi, saksampunipun cekap nembé anak mendhet sekul lan sanès – sanèsipun.  
  • Anak anggènipun nedha inggih alon – alon lan sampun ngantos kumecap (kepireng anggènipun mamah). 

5. Nyuwun pangèstu utawi nyuwun pangapunten dhumateng tiyang sepuh.  

TATA KRAMA DHUMATENG GURU 

Tata krama dhumateng guru punika sami kaliyan dhumateng tiyang sepuhipun, wondéné tata kramanipun mekaten : 

1. Salaman.  
  • Caranipun salaman nganggé asta kalih, astanipun pak / bu guru lajeng dipunambung.  
  • Wekdalipun salaman menawi pinuju mlebet utawi wangsul sekolah, mekaten ugi menawi pinanggih ing margi. 

2. Murid Matur Dhumateng Guru. 
  • Menawi anggènipun matur mawi basa Jawi, kedah ngginakaken basa mudha krama, inggih punika basa ingkang ukuranipun dumados saking tembung krama lan krama inggil.
  • Swantenipun radi lirih, ukaranipun cekak aos, lan alon – alonan boten kesesa. 

3. Patrapipun menawi ngadep.  
  • Menawi madhep kaliyan ngadeg, badan jejeg, sirah tumungkul, tangan kekalih ngapurancang. 
  • Menawi madhep kaliyan lungguh, badan jejeg, sirah tumungkul, tangan kekalih ngapurangcang. 

4. Murid Pitakèn Dhumateng Guru.  
  • Astanipun tengen ngacung kanthi ngucap “nyuwun pirsa pak / bu”.  
  • Menawi sampun diparingi katrangan lajeng matur “ Maturnuwun”. 

5. Ndhèrèkaken Pak / Ibu Guru.  
  • Laré – laré wonten ing wingking, guru ingkang wonten ngajeng.  
  • Menawi bapak / ibu guru ngasta barang – barang, murid kedah ngrewangi mbektakaken. 

6. Menawi Murid Pinanggih Gurunipun ing Margi.  
  • Murid nyalami kanthi asta kekalih, lajeng dipunambung.  
  • Murid lajeng matur “Mangga Pak”.