Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Bab Sastra Cerkak lan Novel

Cerkak lan Novel

Kewarta Desember 04, 2010 0

     Cerkak (crita cekak) kuwi salah sawijining asil karya sastra Jawa anyar kang adhapur ganjaran. Diarani cerkak sebab ing crita kasebut mung ngemot sawijining kedadeyan cekak kang narik/wigati tumraping awake paraga/diri si pelaku.
     Menawa novel crita karangan kang banget jembare cakupane. Jembaring cakupan kuwi adhedhasar alur lan tema kang komlpeks, swasana lan setting kang pirang-pirang, lan paraga kang akeh.

Unsur-unsur pembentuke cerkak/unsure intrinsik, antarane:
1. Tema                 : undheraning crita kang diangkat dening pangripta.
2. Perwatakan       : para paraga lan watak-watake.
3. Alur/Plot            : reroncening/urut-urutaning kedadeyan kang sambung
                                sinambung ing sawijining crita.
4. Setting               : panggonan lan wektu dumadine crita.
5. Amanat             : pitutur/bab-bab becik kang ditujokake marang para maos dening pangripta.
6. Sudut Pandang : posisi pangripta ana ing sajroning crita.

Alur crita iku gumantung karo kang dikarepake pangripta, upamane:
1. Pengenalan paraga
2. Dumadine konflik
3. Masalah saya ndadi
4. Klimaks/puncaking masalah
5. Pungkasaning crita (masalah bisa dirampungake)
Tags: Bab Sastra
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut