Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Tembung Tembung Dasanama

Tembung Dasanama

Kewarta Desember 26, 2010 0

Dasanama iku saka tembung “dasa” karo “nama”. Dasa tegese sepuluh, dene nama tegese nama utawa aran. Dasanama tegese jeneng nganti sepuluh cacahe, sanajan kurang saka sepuluh uga diarani dasanama.

Upamane satriya ing Madukara, asmane: 
1. Janaka
2. Arjuna
3. Permadi
4. Parta
5. Dananjaya
6. Kandhi Wrahatnala
7. Setya Margana
8. Kombang Ali-ali
9. Prabu Kalithi
10. Pandhusiwi

Dasanama mau ora kudu sepuluh cacahe, sanajan kurang saka sepuluh, uga diarani dasanama.
Tuladha:
- Gunung : wukir, arga, aldaka, ancaha, meru, bukita, prabata, ardi, giri
- Geni : agni, brama, latu, pawaka, dahana
- Kethek : munyuk, wanara, rewanda, kapi, juris, palwaga, wre, pragosa
- Slamet : basuki, widada, raharja, rahayu, sugeng, yuwana
- Banyu : warih, her, tirta, we, ranu
- Anak : suta, siwi, atmaja, tanaya, putra, sunu
- Jaran : turangga, titihan, aswa, kuda, kapal, kepel
- Gajah : hesti, dirada, dwipangga
- Ula : sawer, teksaka, sarpa, naga
- Mripat : netra, soca, mata, pandulu
- Ilang : nir, musna, sirna, mendra
- Buta : reseksa, danawa, danuja, ditya, asura, diyu, kelana, wil
- Kalah : kasor, kawon, kaseser, kalindhih, katitih
Tags: Tembung
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut