Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Bab Budaya Layang Ulem

Layang Ulem

Kewarta Desember 04, 2010 0

     Layang ulem yaiku layang kang isine ngabari marang wong liya (kang dituju) lan ngaturi rawuh ing acara olehe duwe gawe utawa kagungan kersa. Layang iki dadi sesulihe wong kang duwe gawe, amarga ora bisa mara utawa sowan dhewe, nanging mung cukup wong liya saperlu ngaturake ulem.
     Layang ulem iku bisa dibedakake antarane layang resmi lan ora resmi. Nanging sejatine susunan/peranganing pokok mirip utawa padha. Peranganing layang ulem kang dikarepake yaiku:
1. Titimangsa
2. Salam Pembuka
3. Surasa Basa / isi
4. Wacana Basa / panutup
5. Peprenahan
6. Jenenge sing ngulemi
7. Ndherek pengajeng-ajeng (turut mengundang)

Tuladha layang ulem ora resmi awujud layang ulem wiwahan:

Polanharjo, 20 Desember 2010 (1)
Kairing sagunging pakurmatan, (2)
     Ngaturi wuninga bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing sadayanipun, kula badhe ngemah-emahaken anak kula estri ingkang angka kalih, ingkang akekasih: (3)
Rara Pramesthi Wandhansari, S.Pd kaliyan Bagus Budiono, S.Pd putranipun Kangmas Ir. Hadiprabowo ing Malang.
Ingkang punika bilih sepen ing alangan saha dhangan ing penggalih panjenengan sekaliyan kula suwun rawuh ing griya kula dhusun Karanglo, Polanharjo, benjing:
               dinten   : Minggu Pon
               tanggal : 8 Januari 2011
               jam      : 11.00
Saperlu panjenengan sekaliyan kula suwuni berkah pangestu dhumateng anak kula temanten kekalih.
     Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula menggah rawuh panjenengan sekaliyan minangka tambahing puji basuki saha regenging pasamuan. (4)

     Ndherek ngajeng-ajeng                                  Saking kula saha semah, (5)

         Ir. Hadiparabowo                                                  Brotoatmojo (7)

Katrangan:
1. Titimangsa
2. Salam Pambuka
3. Surasa Basa / isi
4. Wasana Basa / Panutup
5. Peprenahan
6. Jenengan sing ngulemi
7. Ndherek pengajeng-ajeng
Tags: Bab Budaya
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut