Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Bab Budaya Maca Teks Rumpang

Maca Teks Rumpang

Kewarta Maret 31, 2015 0

Standar kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks nonsastra berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.
Kompetensi Dasar : Membaca teks rumpang

Seserepan.
Jenengane wae teks rumpang yaiku teks kang durung komplit.
  1. Wacan.
AJA DEMEN NGETUNG BECIKE DHEWE
Wis lumrah, yen wong lair ing alam donya duwe sipat lan sikep kepengin ngetokake dhiri pribadine 1)………………………………….. Embuh iku tumindak sikap dalah sifat sing ala utawa becik.
2)………………………………………, banjur diketokake kabecikane ing sangareping liyan. Kabeh iku mau dijarag, amrih wong liya ngerteni apa sing wis ditindake. Njarag ngumukke, pamer kekuwatan dalah keluwihan sing diduweni. Apa wae sing ditindakake rumangsane bener lan pener. Mungguhing wong yen kepengin uripe ing bebrayan agung, tansah disinengkuyung dening liyan, aja pisan – pisan nganggep piyambake bener dhewe.
Utamane nalika ambyur ing pasrawungan, perkumpulan, dalah organisasi – organisasi. 3)………………………………………………………… Sebab sikap dalah sipat sing kaya mengkono iku, bisa nuwuhake pambiji saka wong liya kurang becik.
Babagan kasebut salaras karo wewarah utawa ungkapan tinggalane leluhur kita, utamane bebrayan Jawa yaiku 4)………………………………………….. Yen kita gelem sinau kanthi permati, wewarah kasebut ngemot pitutur luhur kang dhuwur pangajine.
Aja dhemen ngetung becike dhewe, ngemot pitutur amrih wong tansah, 5)……………………….. semono uga panemune liyan. Aja pisan – pisan nganggep piyambake unggul dhewe, apik lan bener dhewe.
Senadyan iku bener ara apik yen diketok – ketokake. Tataran ilmu sing paling dhuwur, dalah liyane .upamane materi ora kudu di umumake.urip iku diibarat pari wae tansaya tuwa lan mentes.( ana isine),malah tumungkul.semono uga wong paling becik yaiku, 6)………………………………………… Ngunakake dhadhane,amrih kaluwihan sing diduweni dimangerteni liyan.
7)……………………………………………,iku luwih becik diamalake marang liyan.aja banjur kepinterane kanggo minteri .kebecikan-kebecikane sing wis ditindakake aja dietung kanthi njlimet. Kabeh tumindak sing becik diikhlasake. Aja diuthik-uthik wola-wali,amrih dimangerteni liyan
Wewarah “Aja ngetung becike dhewe” iku lair karana padinane wong Jawa.8)…………………………………… Nindakake kesalahan utawa kekhilafan iku lumrah. Ora ana wong sing uripe sampurna sakabehe.
Dadi saupama ana wong liya nindakake kesalahan, 9)………………………, aja banjur diala – ala. Bisa wae liya dina awake dhewe nindakake pakaryan kang padha.
Wis jamak lumrah, wong iku kadunungan sipat dalah sikap lalen. Kanthi mengkono, 10)………………………………………….dalah salah yen dinulu, paling becik aja melu nyampuri urusane. Apa maneh, nganti ngelek – elek. Diangep wae piyambake khilaf.

      Ana bacute………………………………………………………………………..

Dening : Atien
Kapendhet saking Kalawarti Djaka Lodang Nomor 20, edisi Oktober 2008. hal 13

  1. Coba paragrap ing dhuwur jangkepana nganggo ukara – ukara ing ngandhap.
    1. Pancen sok ana wong sing nduweni watak becik
    2. “Aja dhemen ngetung becike dhewe”
    3. Saupama nduweni kaluwihan,embuh iku babagan ilmu,materi,aja banjur angone ndangak kedhuwuren.
    4. Mbok menawa iku wis dadi sikap dhasare
    5. Nora becik yen nduweni sikap lan sipat, dhiri pribadhine luwih apik, pinter, lan sapanunggalane
    6. ngregani, ngurmati wong liya
    7. “manungsa iku kadunungan sipat apes”
    8. Nduweni kaluwihan ilmu
    9. nalika wong liya nindakake pakaryan sing kurang bener
    10. kekhilafan kanthi sengaja utawa ora
  1. Golekna pokoke ukara ing saben paragrap !
Sumber: Blog Kangsura
Tags: Bab Budaya
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut