Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Tembung Wernane Tembung

Wernane Tembung

Kewarta Maret 28, 2015 0

1. Tembung Ancer-Ancer
Tembung ancer-ancer yaiku sakabehing tembung kang nganggo nggandheng tembung siji lan tembung liyane ana sajroning ukara.
Tuladha:
  • Yuni ndhek mau wis dieterake dening mbakyune.
  • Bapak mireng kabar kaya ngono kuwi malah saka wong liya.
  • Katuran nenggo sakedhap, bapak nembe dhateng wingking.
Tuladha tembung ancer-ancer liyane: ing, kanggo, wiwit, kadi, marang, tumrap, saking, lantaran, manut, mawa, amrih, kangge, supados, katur, nganti, kadya, kaya, sareng, mungguh, kanthi, supaya, katilan, kagem, ngenani.
2. Tembung Panggandheng
Tembung panggandheng yaiku sakabehing tembung kang kanggo nggandheng ukara siji lan ukara liyane ana ing ukara rangkep utawa majemuk.
Tuladha:
  • Bubar mangan mau Sinta nuli mbantu ibune.
  • Kowe apa aku sing ditimbali pakdhe mau, mbak?
Tuladha tembung panggandheng liyane: sawise, awit, sarta, mula, yen, rikala, mangka, terus, nalika, janji, nadyan, sebab, tanpa, tekan, ben, sawise, supaya, sadurunge, saupama, jalaran, lan, tinimbang, murih, kanthi, sawalike, banjur, klawan, satemene, nganti, lajeng, lsp.
3. Tembung Katrangan
Yaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liyane. Tembung iku kang dadi katrangane panggonan, katrangane wayah, katrangane sebab, katrangane piranti, katrangane cacah, katrangane akibat, katrangane ubaya, katrangane tujuan.
Tuladha:
  • Katrangan panggonan :
    • Aku mbeteti iwak ana ing kali
  • Katrangan wayah, wektu :
    • Saben sore adhik ngelebokake pitik kate
  • Katrangan sebab :
    • Aku saiki watuk amarga mangan salak enom 
  • Katrangan piranti :
    • Aku ndhudhuki sega nganggo centong
  • Katrangan cacah :
    • Asri methiki bayem limang unting
  • Katrangan akibat :
    • Rofi mangan sengkulun mulur mula wetenge mules
  • Katrangan ubaya :
    • Kangmas ditumbasake pit motor menawa wis wisudha
  • Katrangan tujuan (pangajab) :
    • Aku sregep sinau supaya aku dadi bocah kang migunani
Gladhen
Ukara ing ngisor iki kalebu katrangan apa ?
  • Klambine dikumbai supaya resik.
  • Isni mangan mie nganggo garpu.
  • Bapak tumbas bebek patang jodho.
  • Aku ora mlebu sekolah amarga lara.
  • Saben bengi adhiku ngaji neng mesjid.
4. Tembung tetenger
Tembung tetenger yaiku sakabehing tembung kang dienggo nyandhangi tembung aran, panganggone ana ing sangarepe tembung aran lan ora ana teges apa-apa. Tembung tetenger umpamane: si, sang, para, pun, ponang.
Panganggone ukara ing ngisor iki:
  • Ponang jabang bayi tuhu pekik ing warni.
  • Para punggawa padha cancut tali wanda.
  • Sang prabu nembe duka.
  • Si suta kae pancen sregep.
Tags: Tembung
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut