Candhi Ijo dhuwure 375 meter saka lumahe banyu segara. Katemokake dening H.E. Doorepaal, sawenehe Administratur Pabrik Gula Saragedhug sing golek papan kanggo nandur tebu nalika taun 1886. C.A Rosemeler uga nemokake reca watu cacah telu ing Candhi Hindhu iki. Dr. J. Groneman ngedhuk sumuran candhi Ijo nemokake lembaran emas sing ana tulisane prasasti, ali-ali emas lan wiji-wijian
Candhi Ijo arupa teras undhak-undhakan kanthi bagean paling ngisor ing iring kulon lan bagean paling dhuwur ing iring wetan. Ing sisih kulon bisa nyawang wewangunan candhi sing wis bubrah. Candhi-candhi bubrah mau durung didandani marga isih sajroning proses ekskavasi.
Ing iring wetan iki kadadean saka candhi indhuk, candhi pengapit lan candhi perwara. Candhi perwara cacah telu iki madhep ngetan dipigunakake kanggo ngurmati Trimurti yakuwi Brahma, Wisnu lan Syiwa. Tembok ing candhi indhuk kadadean saka relung-relung cacah telu. Candhi Ijo kabangun ing gegere pereng sing kondhang kasebut Gumuk Ijo. Jeneng iku mau bisa katemokake ing Prasasti Poh taun 906 Masehi.
Candhi Ijo bukak nganti jam lima sore. Sesawangan endah awujud Pantai Parangtritis lan Bandhara Adi Sucipto katon cetha saka Candhi Ijo. Kanggo para pamaos Djaka Lodang sing kepengin nikmati endahe swasana candhi bisa teka langsung ing Dhusun Groyokan, Desa Sambirejo, Sleman. Balai Pelestarian Cagar Budaya (BPCB) Yogyakarta weling supaya aja gawe rusak wewangunan candhi. Oleh motret nanging aja nganti ngrusak watu candhi. (NOVI/DL)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/