Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Bab Sastra Tembang Macapat lan Wewatakane

Tembang Macapat lan Wewatakane

Kewarta November 30, 2010 0

Tembang yaiku susastra/sastra, utawa anggitan/karangan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra (Indonesia: puisi).
  • Guru lagu/dhong dhing: yaiku tibane swara vokal ing pungkasane gatra.
  • Guru wilangan: yaiku cacahe wanda saben sagatra.
  • Guru gatra: yaiku cacahe gatra saben sapada.
  • Pupuh: yaiku tembang pirang-pirang pada kang isih sajenis.
  • Pada: yaiku bait/koplet.
  • Wanda: yaiku pakecapan/suku kata.
Tembang macapat iku cacahe ana 11 werna:
  1. Maskumambang watake nelangsa keranta-ranta.
  2. Pocung watake sembrana, gecul, ora ana greget saut.
  3. Asmaradana watake sengsem.
  4. Megatruh watake ngloro, sedhih.
  5. Sinom watake grapyak, renyah.
  6. Dhandhanggula watake luwes, ngresepake.
  7. Mijil watake asih, tresna.
  8. Kinanthi watake sengsem.
  9. Gambuh watake kulina, nepung-nepungake.
  10. Pangkur watake sereng, tegas.
  11. Durma watake nesu, muntab.
Tags: Bab Sastra
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut