Manut asal-usuling tembung geguritan asale saka tembung “gurit” sing tegese kidung, tembang utawa tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Geguritan uga diarani guritan yaiku puisi Jawa. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa lan wiraga manut surasane.
Geguritan kaperang dadi loro (2) yaiku geguritan tradisional lan geguritan modern. Geguritan tradisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu kayata cacahing larik saben pada (bait), cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara (persajakan). Kang kagolong geguritan tradisional antara liya yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe.
Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradisional. Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake cacahe wanda lan dhongdhinge swara (persajakan). Pangripta mardika (bebas) anggone medharake karep. Mula geguritan modern uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah diarani geguritan.
Carane nganggit utawa nulis geguritan
Kanggone pangripta kang wis mahir (kulina) nganggit, nulis geguritan kuwi dudu perkara kang angel. Apa kang ana ing angen-angene diwedharake kanthi tembung-tembung kang ditata ana ing larik-larik mesthi wis dadi apik. Nanging kanggone bocah-bocah / siswa-siswa, luwih-luwih siswa ing tataran SMP, nggawe geguritan kuwi dadi pagawean kang angel lan abot mula perlu pituduh cara kanggo nggampangake.
Cara kanggo nggampangake nganggit/nulis geguritan:
1. Temtokna luwih dhisik underaning gagasan (tema) kanga rep
dirembug.
dirembug.
2. Yen undheraning gagasan wis ditemtokake banjur dimligekake
(spesifikasi).
(spesifikasi).
3. Tema kang wis dimligi mau gawea cengkorongane (kerangka).
4. Saben cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembung
lan tatanen ing larik-larik.
lan tatanen ing larik-larik.
5. Kanggo nambahi endahe, gunakna purwakanthi, baliswara,
pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara golek ing kamus.
Tuladhane mengkene:
Bocah-bocah arep nggawe geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam kuwi rupa-rupa, bisa banjir, gunung mbledhos, lindhu. Pilih salah siji, ateges wis dadi tema sing spesifik. Umpamane mengkene:
1. Apa sing nyebabake banjir
2. Kepriye kedadeane
3. Kepriye akibate
4. Apa hikmah kang bisa disinau saka kedadean banjir.
Cengkorongan banjur diwedharake, dijlentrehake sarana tembung-tembung kang ditata ing larik-larik mangkene.
Manungsa ora bisa nyegah kekarepane
Negor wit-witan sasenenge dhewe
Alas-alas entek wit-witane
Mung kari suket-suket sing dadi kanca lawase
Udan sawengi natas
Nyirep hawa panas
Banyu terus mili ngebaki kali-kali
Ora ana sing bisa nyegah
Tanggul-tanggul padha bedhah
Banyu wiwit mlebu omah
Wong-wong sing ora dosa
Kudu nandhang sengsara lan cilaka
Kelangan bandha donya
Kelangan raja brana
Uga nyawa
Manungsa padha elinga
Jagad iki kudu dijaga
Aja kokrusak, kokentekna
Marang anak putu ngengehna
Supaya bisa urip tentrem, mulya