Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Imbuhan Ngrimbag

Ngrimbag

Kewarta Desember 14, 2010 0

Ngrimbag yaiku ngudhal tembung andhahan kanthi goleki ater-ater, seselan utawa panambah lan linggane.

Tuladha;
1.   pakumpulan = pa- + kumpul + -an
2.   tinengeran = tenger + -in- + -an
3.   daktitipake = dak- + titip + -ake
4.   tinembihaken = tebih + -in- + -aken
5.   dicedhaki = di- + cedhak + -i
6.   panggilingan = pa- + -ang- + giling + -an
7.   kalurahan = ka- + lurah + -an
8.   njagakake = an +jaga + -ake
9.   kojembarake = ko- + jembar + -ake
10. tumempuh = tempuh + -um-

1. Rimbag Sambawa

Rimbag sambawa yaiku sakabehing tembung kang oleh panambang “-a, -na, -ana” kang duwehi teges pangarep-arep, sanajan, mokal, umpama, pangajab.
Tuladha:
- Mbokyo Ella tekaa kene ngono yo atiku seneng banget. (pangarep-arep)
- Kotambanana simbahmu ora bakal mari. (senajan)
- Kowe maneh pintera, wong aku bae ora pinter kok, Mir! (mokal)
- Mangkata dhek mau ora ketelatan bis. (umpama)
- Glundhunga sisan ngono ngepit kok yak-yakan. (pangajab)

2. Rimbag Bawa Ha

Rimbag bawa ha yaiku sakabehing tembung lingga kang oleh ater-ater “a-” utawa ater-ater “ma-“ kang nduweni teges nganggo utawa duwe.
Tuladha:
- a + sarung = asarung
- a + topi = atopi ? ma + guru = maguru
- ma + gawe = magawe

3. Rimbag Bawa Ma

Rimbag bawa ma yaiku wawangune tembung andhahan kang kedadean saka tembung lingga kang oleh seselan “-um-“.
  1. Rimbag bawa ma iku ana 3 warna yaiku:
    Rimbag bawa ma wantah yaiku tembung lingga kang oleh seselan “-um-”
    Tuladha:
    Sumandhing, tumiba, tumandhang, sumimpang, gumujeng, lan liya-liyane.
  2. Rimbag bawa ma tundha yaiku tembung dwilingga, lingga kang keri oleh seselan “-um-“.
    Tuladha:
    Sebar-sumebar, tangkar-tumangkar, turun-tumurun, lan liya-liyane.
    Bawa ma tundha ngemu surasa tundha-tundha urut-urutan, turun-tumurun, tegese tundha-tundha tumurun saka wong tuwa marang anak, saka anak marang putu, saka putu marang buyut lan sapiturute.
  3. Rimbag dwilingga bawa ma yaiku tembung dwilingga kang ngarep oleh seselan
    “-um-“.Tuladha liyane:
    Tumular-tular, sumambung-sambung, gumandheng-gandheng, lan liya-liyane.
    Dwilingga bawa ma ngemu surasa tandah. Tumular-tular tegese saka A marang B, C, D lan sapiturute.
Tags: Imbuhan
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut