Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Bab Budaya Pacelathon liwat Telephon

Pacelathon liwat Telephon

Kewarta Desember 26, 2010 0

Jroning pacelathon liwat telephon, basa kita kudu jelas lan lugas ora ngelantur. Upama kurang cetha, kudune nyuwun sing nelphon ngeja tembung iku. Kita perlu migunakake wektu nilphon sing sathithik-thithike telung menit cukup. Kang mangkono kanggo menehi kesempatan marang wong liya sing mbok menawa uga arep nyambung pesawat telephonmu utawa sing lagi mbok hubungi. Luwih-luwih yen kowe migunakake pesawat telphon umum, tata carane nelphon sing apik ing ngisor iki:
1. Aweh salam
2. Nyebutake jenenge kanthi wijang
3. Kudu nyebutake kanthi cetha marang sapa dheweke arep rembugan
4. Kudu nyethakake rembugan
5. Nutup tembungane kanthi sopan

Tuladha:
Tinik: “Halo, Sari! Sesuk awan kowe sida melu apa ora?”
Sari: “Halo, Tinik! Bab iku kuwi.”
Tinik: “Kuwi lho, rencana wingi kae arep niliki Yuni menyang rumah sakit.”
Sari: “O o o iya aku sida melu. Nanging sesuk kuwi sepedhane diasta
         bapakku ki, Tinik?”
Tinik: “Ya, yen ngono aku dakngalahi ngampiri kowe.”
Sari: “Tenan ya, banjur jam pira nik?”
Tinik: “Ya kira-kira jam loro awan.”
Sari: “Ya, daktunggu aneng omahku.”
Tinik: “Ya wis ngono bae Sari!”
Sari: “Ya, beres.”
Tags: Bab Budaya
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut