Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Imbuhan Rimbag Bawa Ma

Rimbag Bawa Ma

Kewarta Desember 15, 2010 0

Rimbag bawa ma yaiku wawangune tembung andhahan kang kedadean saka tembung lingga kang oleh seselan  “-um-“.

Rimbag bawa ma iku ana 3 warna yaiku:
1. Rimbag bawa ma wantah yaiku tembung lingga kang oleh seselan “-um-”
    Tuladha:
    Sumandhing, tumiba, tumandhang, sumimpang, gumujeng, lan liya-liyane.
2. Rimbag bawa ma tundha yaiku tembung dwilingga, lingga kang keri oleh seselan
    “-um-“.
    Tuladha:
    Sebar-sumebar, tangkar-tumangkar, turun-tumurun, lan liya-liyane.
    Bawa ma tundha ngemu surasa tundha-tundha urut-urutan, turun-tumurun, 
    tegese tundha-tundha tumurun saka wong tuwa marang anak, saka anak 
    marang putu, saka putu marang buyut lan sapiturute.
3. Rimbag dwilingga bawa ma yaiku tembung dwilingga kang ngarep oleh seselan
    “-um-“.
    Tuladha:
    Tumular-tular, sumambung-sambung, gumandheng-gandheng, lan liya-liyane.
    Dwilingga bawa ma ngemu surasa tandah. Tumuylar-tular tegese saka A marang
    B, C, D lan sapiturute.
Tags: Imbuhan
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut