“Mangga-mangga pak, bukune dipunpilih. Punika pak wonten buku enggal tur sae.”
Kang Panut nawakake dhagangane karo ngulungake buku anyar marang satunggaling sing rawuh.
Dina iki rasane benter temenan, hawane panas lan sumuk dhasare mangsa ketiga. Ing sangisore wit ringin sangarepe mesjid katon kagelar buku-buku kang ngesemake kanggo sapa wae sing lewat kono. Panggonan iki akeh wong padha gemrubyuk nalika wayah sholat dhuhur kaya wektu iki.
Wong-wong kang sholat jama’ah rata-rata padha ngasoh sakrampunge sholat lan padha jejagongan ing serambi mesjid lan ana sing malah kondur. Ing saben dinane, saka wong-wong mau mesthi ana sing padha mampir ing gelaran buku-buku lan nontoni buku, uga ana malah sing njekel-njekel buku kaya-kaya wis kepincut pengin tetuku.
Ing tengahing wong sing padha ngrubung-ngrubung, ana sawijining wong kang ora manglingi maneh. Dheweke duweni watak ramah, sumeh, lan sapa wae sing takon marang dheweke diwangsuli kanthi wicaksana, malah kersa ngandharake buku-buku sing nate diwaca kang dirasa trep karo pitakone. Wong iki duweni jeneng kang Panut lan wis misuwur ing tlatah mesjid kang kanggo jama’ah.
“Wah.., iki mung apik judhul bukune.”
“Mboten pak, ing lebete ugi sae. Cobi priksani, ingkang nganggit bukune ugi nggih sampun wisuwur sanget lan kathah buku ingkang sampun dipunserat dening piyambake loh... pak, kejawi punika, menawi kula nembe mawon nggelar buku-bukunipun ing ngriki langsung ludhes blass... malih dados kertas ingkang saged dipunsak.”
“He..ha.. Kowe iki le ngendikan bisa wae,..”
“Inggih leres pak, buku-bukune kathah-kathahing ngrembag babagan kabudayan Jawi. Itung-itung sami dherek nguri-uri kabudayan punika. Mangga pak, bukune dipunpundhut.”
“Pancen bener sing kowe kandhakake. Akeh wong Jawa sing ilang jawane. Tuladhane menawa ngganggo basane dhewe wae padha kangelan, apa maneh ngilmu budayane. Kaya mau nalika Bapak arep mangkat saka ngomah menyang kene. Ana cah nom-noman loro lewat ngarepe Bapak mung nylonong tanpa dherek langkung dhisik. Ora mung kuwi, bocah-bocah mau padha karo gegujengan sisan. La.., menawa ana wong kang lagi mlaku liyane, ya apa ora ngganggu.” Ngendikane bapak Budi sing umurane kira-kira patangpuluhan.
“Mila kados punika pak, buku menika langkung sae kagem sinten kemawon. Miturut kula, mboten rugi dados tiang pinter lan mangertos samubarang ngilmu, punapa malih kang wonten kaitane kaliyan budaya. Ampun ngantos budaya kita kang luhur ical dipun gantos budaya kulon. Saged-saged samangke keturunan kita sedaya mboten saged tepa slira, sopan marang sapadha-padha, rukun, lan urip tentrem. Paling-paling wontene namung saingan mboten sehat.”
“O..ya wislah kene bukune taktukune!”
“He..ha.. punika nembe pilihan jempol, bakale boten gawe gelo pak! Kejaba mirah lan tamtunipun sanget migunani.”
“Terus regane pira iki?”
“Mirah pak namung sekawan dasa ewu mawon, kersane saged dados langganan.” Pak Budi langsung ngrogoh dompet saka saku mburine lan jupuk duwit cacahe patang puluh ewu. Sabanjure langsung ngucap maturnuwun lan nyuwun pamit.
Para kadang Kalawarti ingkang minulya. Urip bebarengan iku pancen wis angel, ananging aja digawe angel maneh dadekake bubrahing paseduluran. Mangga, padha guyup marang sapadha-padha lan aja nganti ana perkara cilik dadi perkara kang luwih gedhe. Menawa ana perkara kang angel utawa njlimet, coba dirembug luwih dhisik.
Kejaba iku, budaya Jawa kang sampun sae sanged mbekta katentreman kedah kita jagi gesangipun, amarga kanggo para siswa kang taksih sinau basa, sastra, lan budaya Jawa bisa dadekake luhur bebudine lan dedalane urip bisa lempeng ing dalan kang diridhoi dening Allah.
Cekap semanten, kepanggih malih ing crita sanesipun. Mugia seratan menika saged damel kita sansaya sadhar kaliyan budaya kita kang luhur lan sami kersa nguri-nguri lan jagi supados langkung misuwur. Kathah kalepatan anggenipun atur, nyuwun samudraning pangaksami. Nuwun