Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Tembung Widyaswara

Widyaswara

Kewarta Maret 28, 2015 0

Widyaswara dumadi saka tembung widya lan swara. Widya asale saka basa Jawa kuna kang tegese ‘ngilmu’ lan swara tegese ‘uni’. Dadi, widyaswara iku ngilmu kang ngrembug lan nyinau bab swara utawa uni. Ing ngilmu basa, widyaswara uga sinebut fonologi. Swara iku unine angin kang metu saka paru-paru lan kawedhar saka jroning tutuk. Adhedhasar pametuning swara, fonem basa Jawa bisa dibedakake dadi loro, yaiku vokal lan konsonan.
  • Vokal
Vokal iku swara kang duwe uni, utawa swara sing muni jalaran pametune angin saka paru-paru kang kawedhar saka sajroning tutuk ora ana kang ngalang-alangi. Adhedhasar panaliten kang nate ditindakake, vokal basa Jawa gunggunge ana pitu, yaiku /a/, / כ /, /o/, /i/, /u/, /e/ lan /ә/. Vokal katon kaya ing ngisor iki.
aku                   laris                 ora
amba                rata                  pira
obah                 coba                kebo
idu                    sida                  mari
urip                  wuta                 bisu
eman                tela                   sate
estri                  gepeng
  • Umlaut
Umlaut iku owahing vokal ing wandaning tembung jalaran antuk panambang tartamtu. Umlaut iki ana kang ngarani modifikasi vokal. Ing basa Jawa umlaut bisa dibedakake dadi loro, yaiku owahe swara kendho dadi swara utawa bisa uga dikandhakake menawa umlaut iku owahing swara miring dadi swara jejeg karana diwuwuhi panambang. Swara /Ů/ lan /Î/ kalebu swara kendho, nanging bareng diwuwuhi panambang –e (-ne), swara kendho iku malih dadi swara kenceng yaiku, yaiku malih dadi swara /u/ lan /i/. semono uga owahing swara /כ/ dadi /a/.
Tuladha:
/cacÎŋ/ + -e            = /caciŋe/
/arÎt/ + -e               = /arite/
/siwŮr/ + -e            = /siwurwe/
/kuplŮ?/ + -e          = /kuplu?e/
/artכ / + -ne             = /artane/
/dinכ / +-ne              = /dinane/
/liyכ / +-ne               = /liyane/
  • Vokal Rangkep utawa Diftong
    Diftong iku vokal kang cacahe loro sing beda wujude lan dumunung ing sawijining wandane tembung. Swara ing tembung wae, kae, jae, lan swara /ai/ ing tembung pait, jait lan paing ora kalebu diftong sebab swara /ae/ ing tembung iku mung wujud vokal rangkep kang dununge ana ing sawijining tembung dudu ing sawijining wanda. Mula, tembung-tembung iku bisa dipisah dadi wa-e, ka-e, ja-e, pa-it, lan pa-ing.
    Ing wewengkon Jawa sisih wetan ana swara rangkep kang awujud diftong kang kerep nongol ing sawijining tembung. Tuladhane mengkene:
    Abuh /abŮh/           àoabuh /abŮh/ ‘abuh banget’
    Apik /apÎk/ àoapik /apÎ?/ ‘gedhe banget’
    Gedhe /gәe/         àguedhe /gәe/ ‘gedhe banget’
    Enak /ena?/            àuenak /uena?/ ‘enak banget’
    Cilik /cilÎk/              àcuilik /cili?/ ‘cilik banget’
  • Konsonan
Konsonan iku swara kang tanpa uni, utawa swara sing durung muni yen durung sumambung karo vokal. Konsonan ing basa Jawa kabagi loro, yaiku:
    • Konsonan Khas
    Basa Jawa duwe konsonan khas kang sinebut aspirat. Konsonan aspirat iku awujud swara /h/ kang tansah tumempel ing swara anteb /b/, /d/, /D/, /j/, lan /g/. kabeh konsonan anteb iku kaucapake dadi //, //, //, //, lan //.
    Tuladha:
    bapak       à /apa?/                   Sabar         à /saar/
    durung     à /urŋ/                    kidul           à /kiŮl/
    dhudhah  à /uah/                  kandhang  à /kanaŋ/
    jiwit         à /iwÎt/                       jaran           à /aran/
    gula          à /ulכ /                      gusti            à usti/
    • Gugus Konsonan
    Gugus konsonan iku konsonan rangkep kang beda wujude kang dumunung ing sawijining wanda lan ora dumunung ing sawijining tembung. Gugus konsonan uga sinebut klaster.
    Tuladha:
    /pl/ à plintir, plenggong, pluntir                  /tl/   à tliti, tlaten
    /kl/ à klilip, klenthing, klasa                       /bl/  à blerik, bleseg, blarak
    /tr/  à tritis, trenyuh, trabas                        /kr/  à kripik, kreteg, kranjang
    /sr/  à srimbit, srandhal,                             /kw/ à kwali, kwitansi
    /by/ à byar, ambyur, ambyor                     /ky/  à kyai
Tags: Tembung
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut