Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Ukara Widyaukara

Widyaukara

Kewarta Maret 28, 2015 0

Widyaukara utawa sintaksis kalebu perangane paramasastra kang ngrembug bab ukara. Kajaba ngrembug ukara, widyaukara uga ngrembug bab frasa lan klausa. Antarane frasa, klausa, lan ukara ora bias kapisahake jalaran siji lan sijine ana sambung rapete.

1. Frasa
Frasa utawa kelompok kata iku duwe tandha-tandha mengkene:
  1. Drajad dumunung ing antarane tembung lan klausa, utawa sadhuwure tembung lan sangisore klausa.
  2. Dumadi saka rong tembung utawa luwih.
  3. Tembung-tembug ang kadhapuk ing frasa urut-urutane ora kena ngluwihi wasesa.
Frasa racake dumadi saka inti lan atribut. Inti ing frasa iku perangan kang diterangake, dene atribut iku perangan kang nerangake inti. Dadi, urutan pandhapuking frasa iku kudu manut IA (Inti Atribut) utawa DM (Diterangkan Menerangkan) lan AI (Atribut Inti) utawa MD (Menerangkan Diterangkan).

Tuladha:
sepatu sandhal kandhang jaran
bocah lanang omah anyar
klambi amoh sepatu sandhal
kandhang jaran
bocah lanang
omah anyar
klambi amoh
Frasa bisa dijembarake kanthi nambah tembung iku, iki, kae, lan kuwi ing seseh tengene frasa kasebut. Tembung sing utawa kang uga bias kasisipake ing antarane tembung-tembung kang dadi perangane frasa. Malah sing/ kang lan iku, iki, kae, kuwi bias bebarengan sumambung ing frasa.

2. Klausa
Klausa yaiku rerangkening tembung kang bisa ngudhar sawijining gagasan utawa sawijining bab. Saora-orane, ing pacelathon utawa ing paguneman, Klausa iku kudu ana wasesane. Ananging basa tulis, klausa iku saora-orane dumadi saka jejer lan wasesa. Kajaba kuwi, klausa uga bisa malih dadi ukara. Gatekna tuladha ing ngisor iki
Dheweke kuwi // dhokter kewan
            J                          W
dheweke kuwi (frasa)
dhokter kewan (frasa)
dheweke dhokter (klausa)
dheweke kuwi dhokter (klausa)
dheweke kuwi dhokter kewan (klausa)
Tags: Ukara
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut