Tembung yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan dingerteni surasane. Saben rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tur ngemu teges, iku diarani tembung. Dene yen ana rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora kalebu tembung.
Tembung ing basa Jawa bisa dibedakake dadi:
Tembung lingga
Tembung lingga
Tembung lingga (kata dasar) yaiku tembung kang isih wutuh kang durung oleh tambahan (imbuhan) apa-apa. Ana uga kang ngarani tembung lingga iku, tembung sing isih wungkul isi wantah, utawa isih asli, jalaran tembung iku durung oleh kawuwuhan apa-apa utawa durung oleh ater-ater, seselan apa dene panambang.
Tuladha:
tangi, angkut, gelis, bali, katon, lan liya-liyane.
Tembung wod
tangi, angkut, gelis, bali, katon, lan liya-liyane.
Tembung wod
Tembung wod yaiku tembung sakecap utawa sawanda sing wis ngemu teges utawa surasa.
Tuladha:
byak, tir, ring, cis, rong, bleng, cet, pil, tho, bom, lan liya-liyane.
Tembung Andhahan
Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale, amarga wis oleh ater-ater, seselan utawa panambang.
Tuladha:
makani, ditangisi, menehake, tinuku, lan liya-liyane.