Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Imbuhan Wuwuhan (Tambahan)

Wuwuhan (Tambahan)

Kewarta November 30, 2010 0

Wuwuhan iku kaperang ana 3 (telung) warna yaiku:
1. Ater-ater
    Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang dumunung aneng sangarepe
    tembung.
    Warna-warnaning ater-ater yaiku:
    a. Ater-ater anuswara: an, am, any, ang (m, n, ny, ng)
        Tuladha:
        - an + tonton     = nonton
        - am + pinggir   = minggir
        - any + setor     = nyetor
        - ang + andhep = ngadhep
    b. Ater-ater tripurusa: dak-, ko-, di-
        Tuladha:
        - dak + gayuh  = dakgayuh
        - ko + gawe    = kogawe
        - di + angkat   = diangkat
    c. Ater-ater liyane: a-, ma-, ka-, sa-, pa-, pi-, pra-, kuma-, kapi-, tar-
        Tuladha:
        akarya, makumpul, katuku, sakantor, pomah, pituduh, pratandha,
        priagung, kumalancang, kamiseseg, kapiluyu, tarkadhang
2. Seselan
    Seselan yaiku aksara utawa wanda kang dayane ana setengahe tembung.
    Seselan ing basa jawa iku ana papat yaiku: -um-, -in-, -el-, -er-
    Tuladha:
    - titah + -um-  = tumitah
    - tutuh + -in-   = tinutuh
    - dewer + -el- = delewer
    - cuwil + -er-  = ceruwil
3. Panambang
    Panambang yaiku aksara utawa wanda kang mapan ing samburine
    tembung. Dene wujude panambang: -i, -ake, -ne, -e, -a, -ana, -ku,
    -mu, -en. Kajaba saka iku isih akeh panambang saka basa manca
    kayata man, wan, wati, isme.
    Tuladha:
    milihi, nitipake, nukokake, kabare, mikira, tutupana, ibuku, sapimu,
    tebasen, seniman, sastrawan, seniwati, sosialis, kapilaisme
    Katrangan:
    1. Wanda yaiku kumpulan aksara sing wujude swara sakecap,
        (basa Indonesia: suku kata)
    2. Aksara ana werna loro yaiku:
        a. aksara urip (vokal): a, i, u, e, o
        b. aksara mati (konsonan): b, c, e, f, g, h, j, k, l,m, n, p lan liya-liyane
Tags: Imbuhan
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut