Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Bab Sastra Nggancarake Geguritan

Nggancarake Geguritan

Kewarta Desember 08, 2010 0

Gancaran kuwi ing basa Indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges ngowahi tembang utawi geguritan dadi gancaran (prosa). Dadi nggancarake padha karo "memprosakan" utawa tembunge liya "memparafrase". Sadurunge gawe gancaran kudu mangerteni cara-carane ngancarake.

Carane ngagancarake mangkene:
1. Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung baliswara kudu
    diudhari, dhapukane ukara kawolak-walik.
2. Menawa ana tembung kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi tembung
    Jawa anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake sabendinane.
3. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.
4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi
    tembung sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang.
5. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraf kanthi
    ejaan kang bener. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah,
    lan sapanunggalane.
Tags: Bab Sastra
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut