Undha-usuking basa yaiku tataraning basa Jawa manut penganggone, wondene unggah-ungguhing basa iku panataning basa miturut lungguhing tatakrama (tatakrama anggone nggunakake basa Jawa). Tujuwan nggunaake unggah-ungguh basa yaiku kanggo ngajeni awake dhewe lan ngajeni wong-wong sing pancen kudu diajeni. Sejatine unggah-ungguh basa Jawa iku yen disinaoni kanthi njlimet akeh banget perangane, ing jaman biyen perangane kayata:
1. Ngoko:
a. Ngoko Lugu
b. Ngoko Alus: Antya basa, Basa antya
2. Madya
a. Madya ngoko
b. Madyantara
c. Madyakrama
3. Krama
a. Mudha karma
b. Kramantara
c. Wredha krama
d. Krama desa
e. Krama inggil
4. Kedhaton
Amarga saka owah gingsiring jaman lan kanggo nggampangake para siswa anggone nyinaoni basa Jawa, ing jaman saiki undha-usuking basa Jawa iku kaperang dadi 2 (loro), yaiku:
1. Ngoko: a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
2. Krama: a. Krama lugu
b. Krama alus (inggil)
1. Ngoko Lugu
Basane ngoko kabeh, ora dicampuri tetembungan krama.
Penganggone yaiku:
1. Kanca padha kanca sing wis akrab.
2. Wong sing drajate luwih dhuwur marang wong sing drajade luwih
endhek.
endhek.
3. Kanggo situwasi resmi sing pancen perlu ngoko (umpamane tulisan
ing majalah utawa buku).
ing majalah utawa buku).
Tuladhane:
a. Dhuwite mau digawa apa durung ya karo mas Budi?
b. Kowe iku yen diwenehi apa-apa kok mesthi ora gelem, piye ta?
c. Aku arep lunga menyang pasar.
2. Ngoko Alus
- Basane ngoko dicampuri krama inggil.
- Basa krama sing digunakake kanggo aweh pakurmatan marang
mitra wicara.
mitra wicara.
- Tembung sing perlu dikramake yaiku wonge, panindake lan barang
kaduwekane.
kaduwekane.
Penganggone yaiku:
1. Kanca raket nanging padha ngajeni (umpamane wong pangkat
marang wong pangkat).
marang wong pangkat).
2. Wong tuwa utawa sing luwih duwur drajade marang wong enom,
nanging wis akrab banget.
nanging wis akrab banget.
3. Yen lagi ngrembug wong liya sing diajeni banget.
4. Wong wadon marang bojone (yen nggunakake basa ngoko).
5. Tulisan ing majalah kanggo ngajeni wong sing maca.
Tuladhane:
a. Dhuwite mau wis diasta apa durung ta, mas Budi?
b. Panjenengan mau arep diparingi kok ora kersa, genahe ta?
c. Eyangku isih durung bisa kondur saiki jalaran isih tindak pasar.
d. Panjenengan kok ora dhahar dhisik ta Pak, saiki wis jam pitu lo!
e. Matur nuwun marang sapa wae sing wis kersa paring panyaruwe.
3. Krama Lugu
- Basane awujud krama lugu, ora dicampuri krama inggil apadene ngoko.
- Basa iki watake ngajeni marang sing diajak guneman nanging kurang
alus.
alus.
- Ater-ater lan panambang kudu dikramakake.
Penganggone yaiku:
1. Wong sing sadrajad nanging padha dene ngajeni.
2. Wong biasa sing durung nate tepung utawa durung akrab.
3. Ing swasana resmi (upamane lagi macakake rantaman adicara).
Tuladhane:
a. Sampeyan wau sampun mbeta napa kemawon?
b. Sampeyan malah sampun angsal, sinten ingkang nyukani?
c. Acara salajengipun inggih punika donga pamuji.
4. Krama Alus
- Basane luwih alus lan ngajeni banget, wujude basa krama kacampuran
krama inggil.
krama inggil.
- Tembung sing perlu dikramakake, yaiku: wonge, panindake lan barang
kaduwekane.
kaduwekane.
- Awake dhewe ora kena dikramakake inggil.
Penganggone yaiku:
1. Wong sadrajad utawa padha pangkate, kang padha ngajen-ingajeni
banget ing antarane siji lan sijine.
2. Marang wong sing luwih dhuwur drajade (anak marang wong tuwa,
murid marang guru, abdi marang bendarane lan sapanunggalane).
3. Wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab.
Tuladhane:
a. Pak, panjenengan mangke menapa tamtu tindak dhateng kantor?
b. Bilih wonten dhanganing penggalih panjenengan kula aturi rawuh!
c. Panjenengan ta ingkang asma Pak Karto punika?
Kanggo luwih gampang mbeda-bedakake ing antarane tataran undha-ushuking basa mau, coba gatekna katrangan ing ngisor iki:
Ngoko Lugu
|
Ngoko Alus
|
Krama Lugu
|
Krama Alus
|
Aku arep lunga menyang omahmu.
|
Aku arep lunga menyang dalem panjengan.
|
Kula badhe kesah dhateng griya sampeyan.
|
Kula badhe kesah dhateng dalem panjenengan.
|