Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Bab Sastra Paribasan

Paribasan

Kewarta Desember 05, 2010 0

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ateges wantah ora ngemu surasa pepindhan.
Ing ngisor iki

Tuladhane:
1. Aja padha seneng ngina utawa ngremehake marang wong liya awit giri lusi
    janma tan kena ingina, sing atase cacing bae nggremet tekan pucuking
    gunung, apa maneh manungsa mula ora kena diina.
2. Anggonmu kepengin golek kapinteran menyang negara manca iki pancen 
    wis ulat mandhep ati karep, dhasar atine cocog tur kepengin.
3. Nasibe manungsa kuwi gumantung saka Gusti, dene ana sing tansah 
    katula-tula katali uripe manungsa nandang susah terus kuwi, manung
    sadrem titah bisane mung ikhtiyar.

Tuladha liyane :
  1. Belo metu seton
  2. Mung melu–melu bae ora ngerti karepe.
  3. Bubuk oleng leng
  4. Duwe niyat ala oleh dalan.
  5. Ana gula ana semut
  6. Panggonan sing ngrejekeni mesthi akeh sing nekani.
  7.  Diwenehi ati ngrogoh rempela
  8. Diwenehi sethithik njaluk sing akeh.
Paribasan ngisor iki tegese kanthi nggathukake ing jejere !
  1. Anak polah bapa kepradah
  2. Angon mangsa
  3. Emban cinde emban siladan
  4. Njajah desa milang kori
  5. Jalukan ora wewehan
  6. Kejugrugan gunung menyan
  7. Nututi layangan pedhot
  8. Tumbu oleh tutup
  9. Wiwit kuncup nganti gelung
  10. Yuwana mati lena
  1. Seneng njaluk nanging ora gelem weweh
  2. Nemu kabegjan gedhe banget
  3. Lelungan menyang ngendi–endi
  4. Ngupaya barang sepele sing wis ilang
  5. Siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil)
  6. Wong kekancan sing cocok banget
  7. Golek wektu sing prayoga
  8. Wiwit cilik nganti tuwa
  9. Wong tuwa reribed amarga saka polahe anak
  10. Wong becik nemoni cilaka amarga kurang ati - ati. 
Tags: Bab Sastra
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut