Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Imbuhan Rimbag Rangkepan

Rimbag Rangkepan

Kewarta Desember 04, 2010 0

Rimbag rangkepan ana telung werna, yaiku rimbag dwipurwa, dwilingga lan dwiwasana.


Rimbag Dwipurwa
Rimbag dwipurwa iku wewangunaning tembung andhahan sing kedadeyan 
saka tembung lingga kang   wandane wiwitan dirangkep.
Umpamane:
a.       Ateges nganggo               : kekudhung, pepayung
b.      Ateges sing dianggep        : lelurah, sesepuh
c.       Ateges kabeh sing            : pepeteng, reruwet
d.      Ateges ora gumathok       : tetuku, sesuluh, tetiga

Rimbag Dwilingga
Rimbag dwilingga iku warna-warna wujude, yaiku:
a.       Dwilingga Wantah
Dwilingga wantah Yaiku dwilingga kang dumadine mung sarana karangkep tembunge bae tanpa owah-owahan.
Tuladha:
-          Bocah-bocah
-          Mangan-mangan
-          Mbalang-mbalang
-          Weruh-weruh
b.      Dwilingga Salin Swara
Dwilingga salin swara yaiku dwilingga kang dumadine sarana ngowahi:
1.       Swaraning tembunge kang ngarep.
Tuladha:
Sapa                    : sopa-sapa
Sendhen              : sendhan-shenden
Bali                      : bola-bali
2.       Swaraning tembunge kang mburi.
Tuladha:
Pindhah               : pindhah-pindheh
Kembang             : kembang-kembeng
Slendhang           : slendhang-slendheng
3.       Swaraning tembunge loro pisan ngarep lan mburi.
Madhang             : modhang-medheng
Gonjing               : gonjang-ganjing
Cempreng           : comprang-campreng
c.       Dwilingga Semu
Dwilingga semu yaiku kang wujude kaya dwilingga ananging ora ana linggane.
Tuladha:
Kolang-kaling             ondhang-andheng           alun-alun
Andheng-andheng       ula-ula                           ugel-ugel

Camboran tunggal yen digawe dwilingga, karangkep kabeh.
Tuladha:
Semar  mendem              : semar mendem-semar mendem
Parang rusak                   : parang rusak-parang rusak

Camboran wudhar yen digawe dwilingga, kang karangkep tembunge kang ngarep.
Tuladha:
Pager wesi         : pager-pager wesi
Gudhang kopi    : gudhang-gudhang kopi

Tembung andhahan kang luwih saka rong wanda yen karangkep mung di cekak:
Tuladha:
Tineter                 : tineter-teter
Saolehe               : saoleh-olehe
Tumimbal            : tumimbal-timbal

Tembung lingga kang ole ater-ater anuswara didwilinggakake:
Tuladha:
Njupuk                : njupuk-njupuk
Nulis                    : nulis-nulis
Mbalang              : mbalang-mbalang
Ngukur                : ngukur-ngukur

Rimbag Dwiwasana
Rimbag Dwiwasana iku dumadine saka tembung rong wanda kang karangkep wandane pungkasan kaucapake kaping pindho, wandane kapisan swara e (pepet).

Yen wandane wekasan sigeg, sesigeke dibuwang dhisik.
Tuladha:
Cenges //ce-nges-nges : Cengenges
Celuk     //ce-luk-luk        : celuluk
Jegik      //je-gik-gik         : jegigik

Yen wandane kang kapindho sandhangan cakra utawa keret, yen diseselake cakra lan kerete ilang.
Jegreg   //je-greg-greg   : jegegreg
Cekruk  //ce-kruk-kruk  : cekukruk
Tags: Imbuhan
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut