Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Bab Budaya Iklan

Iklan

Kewarta Desember 04, 2010 0

Iklan nduweni teges ajak-ajak utawa celuk-celuk kang katindakake kanthi wola-wali (ind: berulang-ulang). Lumrahe dibiwarakake (disebarluaskan) mawa media, kayata radio, televise, film, layang kabar/ariwarti (Koran), kalawarti (majalah) lan liya-liyane. Ancas tujuwane pawongan utawa perusahaan masang nggiyarake iklan, yakuwi kanggo menehi katrangan (informasi), ajak-ajak, nepungake ngiras nawakake jasa utawa asil produksine marang wong akeh (masyarakat).
Iklan iku bisa kasebut komunikatif yen pesen utawa kang pengin disiarake bisa dipahami utawa dimangerteni dening masyarakat umum. Pilihan tembung lan ukara kudu bener, ora njlimet, lan gampang ditrima utawa dimangerteni.

Iklan uga biasane dijangkepi kanthi gambar.

Babagan kang perlu digatekake sajroning iklan ana 2 warna, yaiku
1. Surasa iklan (isi):
-          Kudu objektif lan jujur
-          Cekak lan cetha
-          Ndudut ati (menarik)
2. Basa iklan:
                  -          Gampang ditampa (komunikatif)
-          Ukarane cekak, cetha, lan ndudut ati
-          Isine nyata, ora ngapusi lan sipate ngajak-ajak

Lumrahe, iklan iku dibiwarakake kanthi 3 cara, yaiku:
1. Iklan radio                : nggunakake suara kanggo iklane.
2. Iklan media cithak    : nggunakake gambar lan uga tulisan kanggo iklane.
3. Iklan televisi             : nggunakake gambar, suara, lan tulisan kanggo
                                      iklane.
Tags: Bab Budaya
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut