Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Bab Sastra Saloka

Saloka

Kewarta Desember 04, 2010 0

Saloka iku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa gegambaran (pepindhan) kewan, barang utawa kahanan, lan sing dipindhanake wonge.

Tuladha:
Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah.

Katrangan:
- Gajah, pepindhane wong gedhe (wong pangkate dhuwur/wong sugih).
- Kancil, pephindhane wong cilik.
- Tegese saloka iku: wong gedhe padha pasulayan, wong cilik dadi kurbane.

Tuladha liyane:
- Pitik trondol dibubuti tegese njaga barang, malah dicolongi dhewe.
- Cecak nguntal ula tegese wong kang duwe karep mokal kelakone.
- Tengu ngedu gajah tegese wong cilik ngedu wong gedhe.
- Kemladeyan ngajak sempal tegese sedulur sing ngajak marang kerusakan.
- Ula marani gebug tegese wong kang njarak marang bebaya.
Tags: Bab Sastra
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut