Perkara kang wis dadi lumrah yaiku manungsa kaya dhewe iki uripe iseh kakehan dosa, tansah kleru lan sajenise. Dhewe dititahake kanthi kelebihan saha kekurangan. Babagan iki ora bisa dipisahke ing uripe wong sapa wae. Dhewe kudu bisa pinter-pinter ngarahke endi kang diutamake. Bisa dibayangke menawa wong namung duweni salah sijine, wong iku bakal dadi sombong lan tumindak miturut kekarepane, ora peduli marang liyan mergane dheweke wis ngrasake seneng karo kelebihane lan babarblas ora butuhake anane wong liya ing uripe. Beda maneh menawa dheweke namung diwenehi kekurangan tanpa kelebihan, arep ngapa-ngapa mesthi kangelan, ngana salah arep ngene apa maneh. Apa wae kang ditindakake bakal ora ana untunge. Rasa mindher dadi pandengan lumrah ing saben dinane. Dhewe tansah mikir pesimis ing sakabehane perkara, mbuh iku babagan apik apa sewalike. Malah bisa-bisa wong siji lan sijine ora gelem ngenal jalaran kuatir kekurangane bakal dingerteni lan kuatire mbok-mbok malah ngrepoti.
Allah SWT nitahake kaloro-lorone mesthi duweni maksud kang wis paling wicaksana. Dhewe namung nampa apa-apa kang dititahake lan bisaa syukur. Dalan syukur iku menehi pituduh ngilmu kang bisa digunaake mikirke apa-apa ing babagan kalorone. Dhewe namung bisa ngira-ngira miturut pamikirane dhewe-dhewe kang wis diwenehi otak kanggo goleki ngilmu kang ana gunane ing dunya lan akherat. Bisa dipesthiake dene miturute wong siji lan sijine beda lan iku wis dadi perkara kang umum. Dhewe kudu nampa kanthi tepa slira dene saben wong duweni wewenang lan kewajiban dhewe-dhewe. Meksa kekarepane wong liya kajenge nurut kekarepane dhewe ora gampang. Ing babagan kaya ngene apike padha-padha ngalah lan nampa apa kang wis dadi umum ing lingkungane.
Anane kelebihan lan kekurangan dadiake wong siji lan sijine padha-padha butuhake. Wong ora bisa urip tanpa pitulungane wong liya, dhewe bakale butuh wondene kadhangkala ora ngrasaake langsung. Urip tulung tinulung menehi akeh banget keuntungan kanggo sapa wae. Kelebihan kang ana ing awake dhewe kanggo bantu wong kang butuhake ing babagan kang dhewe bisa bantu. Aja milah milih marang wong kang arep dibantu lan aja ngarep-angarep bantuane mbalik maneh ing dhewe. Tetulungan iku kudu kanthi ikhlas. Menawa dhewe durung bisa menehi tetulungan marang liyan, coba dhewe menehi kelakuan kang sopan lan ngurmati marang sapa wae. Sapa wonge mesthi seneng dikurmati lan semono uga awake dhewe. Luwih apik bisaa ngawiti anggone duweni kelakuan apik marang sapadha-padha. Aja wong liya ngawiti nembe dhewe balesi. Ana pepatah dene tangan dhuwur luwih apik ketimbang tangan ngisor. Menehi kabecikan luwih apik ketimbang dhewe nampa kabecikan saka wong liya.
Perkara kang ora biasa pancen krasa abot kanggo ditindakake. Awiti kabeh kanthi niat apik lan ora duweni panyana ala marang liyan. Mikira kanthi positif, mikir kang ngene iki dadiake jiwa lan ragane saya sehat. Kang nampa untunge ora mung dheweke ananging wong liya uga kecripatan. Kabeh bakale seneng lan ngrasa sehat nalika dhewe lan lingkungan padha semedulur. Ademe ati bakale thukul sajeroning masyarakat. Dhewe menehi kamulyanane wong liyan kanthi tulus lan menawa wong iku pikantuk seneng, ati lan jiwane dhewe uga katutan seneng lan ngrasake luwih mulya ketimbang dheweke.
Kamulyanan iku adoh saka kang jenenge penyakit ati. Ilangana maneka warna penyakit ati kaya dene ngiri, sombong, mikir ala marang liyan, nglendhengi lan akeh liya-liyane. Kabeh iku ora nguntungke, anane mung malah ngrokoti atine dhewe lan sabanjure urip ora bisa tentrem ayem. Sawayah-wayah namung mikirke lan ngarep wong liya duweni khabar ala ketimbang dhewe. Ana ing pikiran tansah ngusahake cara sadis kanggo ngelek-eleki wong liya. Dhewe bakale tepuk tangan nalika wong liya ketiban cilaka lan ngrasa nangis batin nalika dheweke pikantuk apa-apa kang luwih apik ketimbang apa kang ditampa awake dhewe.
Rasa ora trima ing ati dadiake semangat kang gedhe banget kanggo nyaingi dheweke, akhire dalan apa wae dadi halal demi misi wegah disangi. Saya suwi dadiake kurang anggone sinau babagan agama, nganti ora krasa uripe namung dienteke kanggo mikirke kepriye bisa nyaingi dheweke. Nalika lagi apes lan durung bisa ngungguli dheweke ngrasa mumet ing sirah lan awake malah dadi mriang. Ati ora nate ngasoh wondene lagi ketiban lara, anane taksih mrangsang karo wong kang disaingi. Kedadean iki bisa ana ing sapa wae, wong kang ora nate syukur gampang anggone keplencokan penyakit ati kaya ngene. Kanggo jaga ati adoh saka kang ora dikarepake, mangga padha ningkatake sinau babagan agama lan remen anggone nindakake perkara kang dadiake kamulyanan urip ing dunya uga akherat.