Kanggo nyiapake pengetan kamardikan bangsa Indonesia, para enom-enoman neng organisasi karang taruna Desa Rejosari padha nyiapake papan kang kanggo lomba. Dalan-dalan sing jenes diurugi karo watu. Kabeh acara sing arep dianakake minangka panemune para enom-enoman neng organisasi karang taruna sing dipimpin oleh cah sing cakep, kelakuane apik, pinter lan ora ketinggalan wicaksana sanget anggone nanggapi perkara sing kadhangkala nongol neng desane. Dheweke asring diundang marang kanca-kancane Biange Nol. Dheweke ora ngerti ngapa bisa oleh undangan kaya ngono. Nanging dheweke ora peduli, sing penting kanggo Biange bisa mimpin organisasi sing bener, sing bisa kanggo gawe lan bisa majuake desa kang ditresnani.
Nalika lagi ngaso saka kerjabakti, dheweke jejagongan karo kanca-kancane ana ing ngisor wit asem pinggir dalan. Sajake dheweke lagi patrapan seneng, praupane anane seger bae, Kaya-kaya ora nate diwenehi perkara sing gawe mumeting pikiran. Merga ngono nganti gaweni gumun kanca-kancane. Salah siji kancane ana sing takon.
“Bi… aku gumun karo kowe, kok bisa kowe saben dina seneng-seneng bae, kaya-kaya uripmu iki sampurna?” krungu pitakon ngono, Biange Nol mung mesem karo weweh wangsulan. “Ah… kowe ana-ana bae, kayane aku ya biasa-biasa bae. Kowe iki ora ngerti apa sing ana ing pikiranku. Aku saiki malah anane lagi rada mumet nanging kanggoku perkara kuwi takgawe entheng”.
“Wah hebat kowe ya, kowe duweni sakabehane. Wonge sabar, gantheng lan liya-liyane. Apa sing ora kowe duweni?”
“Gono, kowe iki nek ngalem ya ngalem nanging aja ngono, aku dadi ora penak. Ora penake ngene, aku ndhak kemelem, njur maneh apa sing kowe kandhake neng aku mung omongan kosong ora ana maknane.”
“Ngene-ngene aku ya ngomong apa anane. Wis saiki ngene bae, kayane aku krasa ngelak banget. Aku pengin rasane ngombe.”
Mripate Gono karo mandhengke neng panggonan panganan ngarepe. Dheweke mengkerutke bathuke nalika wedang-wedange wis padha entek.
“Lho… kok wis padha entek, piye…?”
“Gon, saiki ngene bae, mumpung wektu ngaso iseh setengah jam maneh, aku takbali riyin ing omah njupuk wedang. Ya wis… tak tinggal kowe ya…”
“O… iya, ngati-ati ya…” Gono semaur karo mapan lendhehan neng ngisor wit asem.
****
Dina sing ditunggu-tunggu wus teka. Biange lan kanca-kancane padha ngawiti nata acara-acara sing arep dilampahi. Lomba sing arep dianake karang taruna desa Rejosari. Jumlahe lomba ana lima yaiku lomba balapan karung, bal-balan, pamedhar sabda (pidato ngagem basa Jawi), nembang sekar-sekar campurari lan lomba endahing omah, lomba iki kang ngutamake lingkungan omah resik, rapi, tertib lan apik kanggone disawang. Lomba kang pungkasan iki kanggo Biange Nol akeh sanget untunge. Ya merga desane dadi katon apik lan ing endi-endi omahe padha dicat, dalane wis ora jenes, taman-taman sing ana ing ngarepan omah duweni makna endahing desa. Manggon neng desa kaya ngene dadiaken ati tentrem tur adem ayem.
“Yul… apa kowe wus siap karo lomba nembang sekar-sekar campursari, kowe kan panitiane…?” takone Biange Nol.
“Siap dong! Kabeh wus kari mlaku. Acarane awit jam wolu, papan wus siap, kursi-kursi uga wus siap lan ora ketinggalan hadiah-hadiahe sing kanggo lomba iki wus padha siap…!”
“Nek wus ngono alhamdulillah,,,, trus saiki kowe rencanane arep ngapa?”
“Rencanaku arep menyang sarapan dhisik, kanggoku sing ngene iki wus dadi program wajibe aku. Paling ora suwi kok, senajan saiki wus jam setengah wolu. Kurang luwih setengah jam maneh acarane arep aku awiti. Karepku mengko wektu acara lombane ora mundur.”
“Oh… ya sukses bae kanggo kowe ya…” pangucape Biange Nol karo nglambaiake tangan.
Ora krasa wektune lomba-lomba wus dimulai. Lomba sing arep dhisik dhewe yaiku loma bal-balan neng lapangan desa. Bocah enom-enoman sing melu lomba wus padha neng tengah lapangan. Ana ing papan liyane Yuli lan Tutik sibuk dadi dewan yuri ana ing lomba nembang campursari. Lomba sing iki dianakake ing Balai Desa. Esuk iki sing nonton durung akeh, Awan saya awan Balai Desa katon kebak karo wong-wong sing padha nonton saka bocah cilik tekan wong tuwa.
Lomba-lomba liyane kaya dene lomba balapan karung lan pamedhar sabda dianakake awan-awanan, nunggu lomba-lomba sing esuk padha rampung. Saka umuran bocah cilik nganti umuran bapak-bapak uga ibu-ibu nekani anane lomba sing dianakake karang taruna desa. Dina kuwi desa katon apik, omah-omah wis katon nyegerke, rapi lan hiburan uga ana ing papan desa. Merga kuwi akeh wong-wong sing saka tangga desa padha nekani lomba. Lomba-lomba kuwi minangka hiburan gratis ana ing desa.
****
Wus seminggu anane lomba dianakake. Hadiah-hadiah uga wus diwenehake marang kang padha menang ana ing lomba. Biange Nol ngumpulake kanca-kancane kanggo maksud panutupan panitia lomba-lomba ing pengetan kamardikan Negara Indonesia utawa dikenal karo sebutan tujuh belasan.
“Kanca-kanca kabeh, alhamdulillah kita sampun nglampahi program kang kita rencanaake kala wingi. Kula aturaken matur nuwun sanget dhumateng kanca-kanca ingkang sampun paring pambiantu awujud menapa kemawon. Mugi-nugi ingkang sampun kalampahan ndadosaken desa kita langkung apik, adem ayem, rapi lan kita saged betah manggen wonten ing desa ngriki.” Biange Nol kanthi nutup pangandikane.
Sabubare saka kumpulan karang taruna Biange Nol mangkat mulih karo Yuli. “Mas, kayane lega sanget ya… dewe wus nglampahi program karang taruna.” Yuli coba ngajak Biange Nol guneman.
“Iya bener sanget… atiku saiki uga luwih lega lan bebane aku wus kurang. Aku saiki bisa nyawang desa iki kanthi seneng.” Nganti tekan omah anggone Biange Nol ngeterake Yuli. Sawuse Biange langsung mangkat mulih menyang omahe, kabeneran omahe ora kacek adoh saka panggonane Yuli
***** Rampung ****