Ana suara adzan saut-sautan ing mesjid-mesjid kang ora adoh saka omahe. Suara iku babarblas ora bisa gugah teguh kang turune angler banget. Dheweke ngawiti turu kurang luwih jam loronan wengi merga ngrampungake tugas-tugas kuliah kang sesuk isuk kudu dikumpulake.
Dheweke nglembur satemah tugas kang diduweni nganti total rampung. Tugas iku diwenehke dheweke ing wektu mung seminggu. Teguh mesthi goleki referensi buku-buku kang isine nyrempet-nyrempet karo tugase. Dheweke golek ngana-ngene lan akhire ing dina pungkasan bisa ngumpulake buku-bukune, banjur wengi iku digarap nganti ora mikirke kesehatane ing awak.
Neng kamare, Teguh turune ana jam beker kang menthongkrong ing meja sinaune. Limang menit maneh wis jam lima esuk yaiku anggone Teguh nyetel jam beker mau. Rencanane dheweke arep tangi jam semono kanggo sholat lan bereske kamare kang iseh akeh semlebar kertas lan buku ing ngendi-endi.
“Kring... kring...” Suara jam beker wis nongol lan suarane seru banget nganti ibune ingpawon lagi jangan melu krungu. Teguh kanthi reflek tangane nyandhak jam beker lan langsung dipateni. Sangking abote sirah merga iseh ngantuk, dheweke niate nglekar sedela nanging ora krasa mbalik turu nglengkur maneh.
Ibune kang awit mau krungu jam beker gumun kok Teguh durung katon-katon. Biasane endi jam beker muni Teguhe uga melu tangi.
“Kok aneh temen ora kaya biasane ya? Biasane unine jam beker bisa gugah dheweke, sajane iki ana apa? Coba takmrana wae.” Ibune Teguh ngendika ing batin lan dheweke nglethakakee peso kang ana tangane ing meja pawon. Banjur mlaku menyang kamare Teguh. Tekan ngarep kamar langsung dhodhok-dhodhok lawang ananging babarblas ora ana sing nyaut. Ora ana sautan dheweke langsung nyaba buka lawang kang kabeneran ora dikunci.
“Piye iki, kok ora ana suara blas. Coba takbuka lawange, iya.. ora dikunci.” Lawang dibuka lan ibune mlebu ing jero kamar.
“Guh...!! kowe lagi kenapa kok kamarmu pating blakrak ngene?” Ibune ngendika kanthi seru satemah Teguh kaget lan tangi langsung jagong ing peturonan.
“Aduh.. ibu damel kaget mawon.”
“Iki wis jam pira le, kok durung tangi? Apa maneh kamarmu pating blakrak ngene, mbok yalebar sinau diberesi maneh.”
“Nggih bu.. biasane ugi takberesi malih, merga wau dalu awak kula sampun sayah lan ngantuk nggih langsung taktinggal turu.”
“Banjur ngawiti turu jam pira kowe?”
“Menawa boten klentu jam loronan.”
“O.. pantes dadi kawanen ngene. Wis njur tangi, delokna wis jam enem. Kowe durung sholat barang toh?”
“Nggih bu.” Teguh langsung benahi papan peturonane. Ibune mlangkah metu ninggalake Teguh dewekan. Ora kacek suwe Teguh ngetutke metu, namung menyang sumur dudu melu ibune ing pawon.
Enggal-enggal Teguh nindakake sholat lan sawise rampung banjur nata buku lan apa-apa kang gawe pating blakrak ing kamare. Dheweke ora nyadhar dene tugas sing awit mau bengi digarap melu ditumpuk panggonane buku-buku kang ditata.
Dina iki Teguh duweni kuliah isuk, tepate kuliahe pak Bakir. Dosen kang tansah tegas lan menawa menehi tugas kudu enggal-enggal digarap. Wektu kang diwenehke uga ora akeh paling pol namung seminggu. Durung maneh tugase iki ora kagolong gampang, ora bisa dikarang sekarepe dhewe lan mesthi kudu nganggo penelitian utawa referensi seka buku.
Teguh rada lega kamare wis katon resik lan sedhep dipandeng maneh. Banjur dheweke mangkat adus, siap-siap mangkat menyang kampus lan sarapan. Nalika sarapan ora kaya biasane mergane ora katon dinikmati tenan anane panganan, ibune kang awit mau delokna mung bisa geleng-geleng ora ngerti kenapa Teguh duweni kelakuan ngono.
“Guh, mbok sing alon-alon, mengko bisa keselek loh..”
“Nggih bu.., menika sampun siang dados kula kudu bisa pinter-pinter ginaaken wektune.”
“O... ngana iku.” Ibune ngendikan karo manthuk-manthuk.
“Napa malih mangke dosene killer bu, telat sithik wae diwenehi poin kang elek. Sampun nggih, kula takpamit mangkat rumiyin.” Teguh tangi saka jagongane lan banjur nyalami bapak ibune kang lagi padha sarapan ing ngarepe.
“Ati-ati ya le..” Bapake menehi pesen.
“Nggih pak.” Teguh semaur karo tangane jupuk tas ana ing jejere lan banjur dicangking metu omah.
***
Nalika tekan kampus Teguh ketemu karo kanca kelase jenenge Tari. Teguh markir motore neng persis sandhinge motor kang digawa Tari. Tari ngawiti nyapa Teguh.
“Hai Teguh, kok tekane bisa bareng ya?”
“Iya, bisa-bisane aku melu kowe sing biasane telat.”
“Hemm.. kowe sih sok madani aku bocah telatan. He..ha.. saiki malah kecemplung dhewe.”
“Ya wis yuk menyang kelas.”
“Ayo...” teguh lan Tari enggal-enggal jengkar saka papan parkiran lan langsung menyang kelas kang ora adoh saka papan kono. Tekan kelas pak Bakir lagi ngendika jelaske materi marang mahasiswane. Pak Bakir mandhegke anggone ngendikan lan kang dadi biasane nakoni sapa-sapa kang telat kanthi rada kesu.
“O... kaya ngene iki generasi Indonesia, mangkat kuliah bisa padha telat. Kene iki dudu Jakarta dadi ora ana macet-macetan lan kudune ora ana wong kang telat.”
“Ngapunten pak, bapak kok ngendikaake Jakarta. Telat alesane kan boten namung macet.” Teguh nyauri kanthi ketus satemah pak Bakir raine saya abang.
“Kowe iki telat iseh duweni nyali ya, nembe kanca-kanmu wis padha ngumpulake tugas. Saiki kowe cah loro endi tugase? Ndang kumpulana.”
“Nggih pak.” Cah loro kompak anggone semaur. Tini langsung ngetokake tugas saka jero tas lan langsung diwenehke pak Bakir. Beda maneh Teguh malah kebingungen bukaki tas kanthi bolanbaleni ora nemu apa kang digoleki.
“Teguh kenapa kowe malah plencatan kebingungan kaya ngono. Hayo.. tugase durung rampung pa?”
“Saestu sampun pak, wau dalu mpun taklembur garap nanging kok boten wonten nggih.”
“Hemm.. wis digarap apa lali. Yen wis digarap kudune saiki kowe bisa nuduhake.”
“Nggih pak, miturut kula nggih ngaten.”
“Kowe wis tekane telat, tugase ora beres sisan. Iki minangka ukuman kanggo sing telat, kowe Tari kancani mbalik Teguh ing omahe. Bapak pengin ngerti dheweke ngapusi apa ora.”
“Nggih pak.” Teguh lan Tari kanthi kapeksa metu saka ruangan kelas. Ing raine kelorone gambarke babagan kang nguciwani, apa maneh Teguh kang awit bengi direwangi ora turu tekan saiki ora ana regane.
“Tari, aku jaluk ngapura marang kowe ya, merga aku kowe kena ukuman ngeterke aku.”
“Wis ora papalah Guh, ketimbang kowe uga dewekan.”
“O...ya bener banget kowe dadi kancaku.”
“Ha..? maksudmu?” Teguh mung mesam-mesem tanpa semaur.
“Nganggo motormu ya.” Tari menehi taren.
“Ok..”
Kelorone langsung metu saka kampus boncengan nganggo motore Teguh. Untunge omahe Teguh ora nganti metu saka kota dadine rasane rada ayem. Tekan omah, wong tuwane Teguh gumun kok putrane mbalik maneh karo kancane. Banjur dijelaske Tari lan Teguh langsung blandhang mlayu menyang kamare. Ing kamar dheweke iseh bingung, mau bengi nglethakake tugas neng ngendi. Buku lan tumpukan kertas ing mejane dibukaki kabeh lan padha pating blakrak merga Teguh karo ngobrak-abrik ora sabar. Sawise Teguh nemuake apa kang digoleki, dheweke ngrasa seneng. Dheweke langsung metu ninggalke kamar kang iseh pating blarah buku-bukune. Teguh lan Tari banjur pamitan menyang kampus maneh. Ana ing batine Teguh mung enggal-enggal tekan kampus maneh lan buktiake menawa dheweke ora ngapusi marang pak Bakir.
Nasib wong pancen ora bisa disangka-sangka. Nalika motor kang ditumpaki tekan sangarepe Rumah Sakit Daerah, Teguh lan Tari kaget. Ujuk-ujuk ana truk gandheng gedhe wis persis ing ngarepe lan dheweke wis ora bisa ngelak maneh.
“BRRAKKKKK!!!” Motor lan dheweke mental pirang meter lan ambruk. Ora suwi polisi teka, korban-korbane padha digawa mlebu menyang Rumah Sakit. Ing jero Rumah Sakit Teguh lan Tari dijejerke.
Tari tangi seka semapute. Didelokna raine Teguh kang pucet banjur diraba lan kaget banget nalika Teguh wis ora ana nyawane.
“Teguh.......! Kowe aja ninggalke aku.” Dheweke melong lan nangis karo nahan lara ing awake. Sanalika kepikiran langsung buka hape lan ngabari pak Bakir anane kecelakaan kang nembe wae dialami.”
“Halo.. manika sinten nggih.” Pak Bakir langsung metu kelas nalika ana panggilan ing hapene lan ngangkat kanthi ngendika sopan.
“Ngapunten pak menika Tari, kula lan Teguh boten saguh menyang kampus samenika jalaran nembe kita sami kecelakaan ing sangajenge Rumah Sakit Daerah. Pak.. Teguh pak...”
“Iya, Teguh kenapa slamet kan?” Pak Bakir takon kanthi penasaran.
“Teguh sampun ninggal pak.”
“Innalilahi wainnalilahi raji'un, ya wis lebar iki bapak taklangsung mrana.” Pak Bakir langsung mlebu kelas jelaske marang mahasiswane dene kancane nembe ana sing kecelakan. Banjur pak Bakir kaliyan kabeh kanca kelase Teguh padha menyang Rumah Sakit.
Ing Rumah Sakit pak Bakir makili liyane langsung mlebu ing ruangane Tari lan Teguh. Pak Bakir langsung melu nangis nalika weruh Tari kang iseh ngrintih kelaran karo nangis neng sebelahe Teguh.
Pak Bakir ngrasa salah ngapa nembe ngukum kelorone ngakon mbalik menyang omahe Teguh. Dheweke jaluk ngapura marang Tari tumrap ukuman kang nembe diwenehke. Banjur Tari ngrogoh tugas ing tase Teguh.
“Pak, menika tugase Teguh.” Pak Bakir nampa tugas iku karo ngusap luluh ing pipine.
Kedadean iki dadiake pak Bakir nyadhar lan janji ing awake dhewe yen dheweke ora bakal kaya kang uwis-uwis. Dheweke saiki dadi dosen kang wicaksana lan akeh sayange marang mahasiswane. Kabeh bisa kaanggep kaya putrane dhewe tanpa beda-bedaake siji lan sijine. Kejaba iku pak Bakir malah dadi dosen idola dening para mahasiswa ing kampus.