Manungsa minangka makhluk kang dititahake Allah SWT kanthi sampurna. Manungsa diwenehi akal satemah bisa digunaake kanggo mikir lan ngresepi apa kang ana ing maneka babagan ngilmu. Ana wong kang ngarani dene manungsa iku minangka kewan kang bisa mikir. Dhewe ngerti menawa kewan saben dinane duweni kaperluan kanggo uripe yaiku golek pangan, papan kanggo ngasoh lan semono uga manungsa. Panca indrane kewan padha karo manungsa, kewan bisa ngrungokake, ngrasake hawa adem utawa panas lan akeh liya-liyane. Sing jelas kewan urip nganggo naluri lan nafsu, manungsa kejaba naluri lan nafsu uga saka anane akal.
Anane akal ing manungsa dadiake uripe bisa mulya. Manungsa kang bisa gunaake akal kanthi sae bisa ngerteni endi kang sae utawa endi kang bisa gawe cilakane. Akal kang sehat iku menehi akeh pituduh keuntungan kanggo manungsa. Dheweke bisa milih papan panggonan kang resik kang pantes kanggo ngasoh, turu, kerja, nglipur ati lan sapanunggalane. Kabeh kang dilakokana manungsa iku ora luput saka anane akal kang digunaake kanthi sehat.
Manungsa ing sajeroning urip butuhake maneka warna kanggo dhukung urip kang penak. Urip penak mung bisa dicekel merga gelem makarya kang wis diperitungke kaliyan kemampuane. Manungsa siji lan sijine duweni kemampuan beda-beda. Kemampuan iki bisa pikantuk saka nalika lahir utawa merga dheweke wis nate sinau babagan ngilmu iku. Akeh kang percaya dene kulina bisa menehi kemampuan tumrap wonge. Kejaba iku lingkungan urip uga nentokake wong iku duweni kemampuan apa ora. Tuladhane yen dhewe urip ing lingkungan wong nganggur, dhewe bakale ora pikantuk apa-apa. Beda kaliyan ing sajeroning wong kang tansah seneng makarya, dhewe bakal luwih pikantuk akeh ngilmu. Nalika dhewe urip ing tengah masyarakat lan ora ngetutake apa kang dadi adate masyarakat bakal dipesthike nalurine manungsa ngrasa disisihke lan pungkasane ora betah manggon. Dheweke banjur bingung lan pengin golek panggonan liya kang cocok kaliyan kapribaden dheweke.
Naluri lan akal tansah mlaku bebarengan ing urip, kekompakan lorone dipengaruhi saka anane nafsu. Nafsu iki diduweni kabeh makhluk titahane Allah kejaba Malaikat. Manungsa bisa ngatur nafsune merga akal. Nafsu ing manungsa dadiake duweni kepenginan kang maneka warna, ana kepenginan apik lan ala. Kajenge sae mlakune nafsu disaring dening akal, aja malah kewalikan. Dhewe bakal dadi budhak kang akeh dosane mergane nafsu kang diumbar tanpa disopiri saka akal lan pesthine nongol kekarepan perkara-perkara kang ala kang ora ana untunge tumrap manungsa. Nafsu bisa menehi keuntungan nalika dipimpin dening akal. Akal wong kang wis umur dewasa ngerti yen sakirane perkara apik apa ora. Akal bakale terus nimbang-nimbang apa kang dadi akibate. Awit saiki mangga mulyaake akal lan tansah jaga-jaga aja nganti dikuasai dening nafsu. Merdikane akal ing manungsa dadiake manungsa iku duweni rega lan kepribaden kang luhur.