Kerep banget dhewe krungu wong kang ngendika menawa urip iki ora bisa dewekan. Apa wae kang dhewe lakoni butuhake tenaga saka wong liya. Kadhangkala dhewe ora krasa anane wong liya iku ing uripe dhewe, malah asik karo awake dhewe-dhewe.
Dhewe ngrasa gawean bisa dicekel lan dirampungke tanpa sapa-sapa, kaya-kaya lagi ora butuhke wong liya. Perkara kang kaya ngene pancen bener ananging ora sateruse dhewe bisa nglakoni dhewekan. Sadar ora sadar dhewe mesthi kudu butuh wong liya kanggo bantu apa wae ing urip iki senajan wektune ora pesthi.
Dhewe ing masyarakat minangka mahkluk sosial satemah urip mesthi guyub lan tulung tinulung kaliyan sesami. Dhewe ora ngerti kapan nemu perkara angel ing urip, bisa wae perkara kang ora dikarepake njedul ing ngarepe dhewe tanpa pamitan disek lan dadine dhewe kewalahen ngadepi sing kaya ngono. Anane wong liya paling ora bisa menehi pambiantu apa wae kang wektu iku dibutuhake. Luwih untung maneh menawa dhewe duweni kanca raket, dhewe ora nganggo isin nyuwun tetulung anane kang dhewe adhepi. Kanca mesthi wis ngerti tata uripe dhewe, saben wektu kepethuk lan kadhangkala bantu binantu wis kerep dilakoni ananging ora krasa merga wis kulina. Kanca kang bisa kaya iki pancen rada angel digoleki. Dhewe mesthi kudu pinter-pinter milih sing jenenge kanca kang ngerti anane dhewe. Dhewe butuh kanca kanggo ing kahanan apa wae yaiku sajeroning seneng utawa susah. Akeh kang ngakune kanca ananging pas kepethuk perkara kang rada susah sithik langsung ngilang ora ketara maneh wondene sadurunge menyang ngendi-ngendi tansah bareng lan kaya-kaya ora gelem pethal.
Kanca kasebut apik yaiku ora duweni pamrih lan terus bantu ngancani ing sadawane perkara, uga menawa bisa menehi dalan metu ing perkarane. Dhewe mesthi wae ora pengin duwe kanca akeh ananging nalika kapethuk apes ora ana sing gelem kekanca marang dhewe maneh. Akeh banget kang menangi kedadean kaya iki, kanggo wong kang amoh mentale dadi nglokro lan krasa susah ing ati sajero-jerone. Kedadean iki bakal dadi pengalaman kang ora bisa dilaliake lan kanggo wong kang tansah syukur mesthi sadar menawa iki minangka ujian ing urip lan mesthi ana dalan pametune.
Kanca raket bisa digoleki ing papan ngendi wae, sakarepe ati arep milih kang model kaya ngapa. Dhewe uga bisa biji wong kang sakirane pantes dadi kanca kang bisa dipercaya. Wicaksanane biji wong iku ora mung jabane ananging delokana ing kelakuan lan ngendikane. Dhewe mesthi ora ngarep duwe kanca anyar malah dadiake repot. Ngrepoti sihik ora dadi perkara, sing penting kanca mau bisa sapadha-padha menehi tetulung menawa dhewe uga butuhake tenagane. Dhewe dudu ora ikhlas anggone menehi tetulung ananging dhewe minangka menungsa kang ora luput seka salah lan kleru lan mesthi duwe perkara kang butuhake tetulunge. Menawa dheweke durung bisa nulung aja digawa ati, sapa ngerti pancen dheweke bener-bener ora bisa, dhewe ngarep wae muga-muga ana liyane kang bisa menehi tetulungan lan uga tetep dunga marang Allah SWT kajenge perkara iku enggal-enggal lunga saka urip iki.
Kanca bisa menehi tetulungan ananging uga ora luput menawa malah dadine sawalike. Anane kanca kadhangkala nongolke perkara kang ora disangka-sangka. Wong iku duwe karep dhewe-dhewe lan kang kaya ngono iku ora krasa dadak gedhe dadi perkara ribet. Menawa kekancanan taksih gedheake egone dhewe-dhewe bakalane ora tinemu dalan malah anane kerengan siji lan sijine. Ing sajeroning perkara kaya iki wicaksanane aja padha nyalahke marang sapa wae, coba padha instropeksi marang awake dhewe-dhewe. Dhewe mesthi bisa maklumi menawa dhewe ora bisa tansah gawe bener terus, kadhangkala ora krasa gawe luput lan jebulane ganggu wong liya. Dhewe ora krasa wis ganggu wong liya, dhewe nembe ngerti menawa dheweke wis ngawiti wadul marang dhewe. Nalika dhewe durung siap nampa wadulane, mesthi ati dadi panas wondene terang-terangan dhewe sing salah lan lebare mesthi kerengan.
Jaga kajenge kekancan tetep langgeng pancen gampang-gampang angel. Dhewe mesthi mikir kang temenan sadurunge ngawiti apa wae, yen bisa alon-alon bae aja ngangsi malah dadi ngrugiake sapadha-padha. Dhewe mesthine uga ora gelem trima rugi menawa wong liya duwe gawe kang kanggo dheweke nyenengake ananging kanggone awake dhewe nyusahke. Intine sadurunge ngapa-ngapa delokake kahanane kepriye, menawa durung pas dilakokana aja dipeksa. Perkara kang dipeksa mesthi duweni kasil kang elek lan sapa wae uga wegah nampa perkara kang ngrugiake. Kanca kang wis apik dijaga bener-bener atine, anane dheweke minangka pitulungan surga kanggo ngadepi apa wae kang dhewe adhepi ing urip.