- Tembung Aran
- Tembung Kriya
- Tembung Wilangan
- Tembung Kaanan
Tembung aran yaiku jenenge sakabehing apa bae kang dianggep barang.
Tembung aran kaperang:
- Tembung Aran Mawujud
Tembung aran mawujud yaiku tembung aran kang bisa ditampa nganggo panca indriya. Sing kagolong tembung aran mawujud upamane:- Jenenge wong = nuraini, sukarto, sumanto, sukini, demak lan liya-liyane.
- Jenenge kutha = pacitan, ponorogo, jombang, demak, lan liya-liyane.
- Jenenge kewan = sapi, kebo, jaran, unta, gajah, lan liya-liyane.
- Jenenge gunung = merbabu, lawu, slamet, tugel lan liya-liyane.
- Jenenge barang = TV, radio, kulkas, kompor, lan liya-liyane
- Tembung Aran Mujarad
Tembung aran mujarad (ora maujud) yaiku tembung aran kang ora bisa ditampa ngganggo panca indriya.
Tuladha: iman, kepinteran, kabudayan, keyakinan, lan liya-liyane.
Tembung kriya yaiku sakabehing tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe. Tuladha: nandur, tangi, adus, digawa, daktuku, ngukur, lan liya-liyane.
Werna-wernane tembung kriya:
- Tembung kriya lingga yaiku tembung kriya kang isih lingga, tegese tembung iku durung owah saka asale nanging wis duweni teges tandang gawe. Tuladha: lunga, seba, dandan, adus, dodol, lan liya-liyane.
- Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya kang oleh ater-ater anuswara (an-, am-, an-). Tuladha: ngudang, nimba, nyepot, methuk lan liya-liyane.
- Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang oleh ater-ater tripurusa (dak-, ko-, di-) ater-ater "ka" utawa seselan "in". Tuladha: sinebul, kopangan, dakgambar, kosilih, lan liya-liyane.
- Tembung kriya rangkep yaiku tembung kriya kang awujud rangkep lan diperang ana:
- Rangkep dwi purwa yaiku tembung kriya wanda wiwitan diucapake kaping pindho.
Tuladha; leledhang, leladi, tetedha, lelewa lan liya-liyane. - Rangkep dwi lingga yaiku tembung ligga kang diucapake kaping pindho.
Tuladha: golek-golek, omah-omah, adoh-adoh, etung-etung lan liya-liyane. - Rangkep dwi wasana yaiku tembung lingga wanda wekasan diucapake kaping pindho.
- Rangkep dwi purwa yaiku tembung kriya wanda wiwitan diucapake kaping pindho.
- Tembung kriya transitif yaiku tembung kriya kang dibutuhake lesan (objek) mula uga diarani tembung kriya mawa lesan.
Tuladha ing ukara:- Murni methuk mbak yune.
- Nuri ngirim sing matun.
- Harno dandani sepedhane.
- Tembung kriya intransitif (tanpa lesan) yaiku tembung kriya kang mbutuhake lesan.
Tuladha ing ukara:- Pakdhe kondur ing daleme.
- Tari nesu ing kamar.
- Parni turu jam wolu bengi.
- Marwoto lagi ndonga.
Tembung wilangan yaiku tembung kang mujudaken cacah utawa gunggung.
Wernane tembung wilangan kayata:
- Tembung wilangan kang baku, yaiku ing antarane: siji, loro, telu, sepuluh, rolas, rongpuluh, selikur, lsp.
- Tembung wilangan pecahan, yaiku ing antarane: seprapat, separo, sapratelon, saprawolon, lsp.
- Tembung wilangan pepangkatan, yaiku ing antarane: kapisan, kapindho, kapingpat, kapitu, lsp.
- Tembung wilangan kang durung genah cacahe, yaiku ing antarane: sepira, semono, sethithik, akeh, sawetara, sebagian, saperangan, lsp.
Tembung kaanan yaiku sakabehing tembung kang mratelakaken kaanan utawa watake (sipate) barang. Ing basa Jawa manggone tembung kaanan ing saburine tembung aran.
Tuladha:
- Sapi putih
- Slendhang biru
- Dhuwit receh
- Klambi anyar
- Omah gedhe
Kang kalebu tembung kaanan yaiku: dawa, cendhak, dhuwur, reged, resik, alus, kasar, sesak, lega, cilik, gedhe, kuru, lemu, panas, adhem, alon, banter, lan liya-liyane.