Herjawa

Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi

  • Blog
    • Herjawa
    • Kewarta
    • Kewarta Musik
  • Basa
    • Artikel
    • Tembung
    • Ukara
    • Imbuhan
    • Buku Basa
  • Sastra
    • Bab Sastra
    • Cerkak
    • Buku Sastra
    • Warnaning Urip
  • Budhaya
    • Bab Budaya
    • Sesorah
    • Buku Budhaya
  • Soal PPPK
    • Soal PPPK

Home Tembung Tembung Entar

Tembung Entar

Kewarta Desember 26, 2010 0

Entar tegese silih utawa ampil. Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duweni teges ora salugune utawa ora sabenere (Ind: kiasan utawa ungkapan). Umpamane tembung “landhep dhengkul” iku ora tinemu ing nalar yen tegese lugu. Jalaran sing lumrah landhep iku gegaman. Dadi sing karepake dhengkul mau nyilih tembung liya (landhep) kang banjur ditegesi sarana kiasan yaiku bodho banget.

Tuladha:
Atine momot = sabar banget
Peteng pikire = susah
Padhang langite = seneng banget
Mateng rembuge = kedadeyan rembuge

Tuladha liya:
“Mikul jejibahan” nggawa makmure bangsa. Tembung mikul jejibahan kalebu tembung entar. Tembung entar yaiku tembung sing mingset (owah) saka tegese sak benere (sak mestine).

Gladhen:
Tembung-tembung entar kang wis kagaris ing ngisor iki gathukna karo jawaban kang cumawis !
1. Dadia wong kang jembar segarane , aja cepet neson !
2. Dwi kae cekak budine, dadi ora disenengi marang guru-guru.
3. Kowe kudu ngilangi sifat dawa tangane kareben duwe akeh kanca.
4. Dumeh Doni sugih banjur gedhe endhase.
5. Dadi wong tuwa kuwi pancen kudu dawa ususe.
6. Bareng wis ngerti yen bijine apik, aku banjur padhang atine.
7. Merga darto lunyu ilate, mula ora disenengi kanca-kancane.
8. Wektu ditinggal mati anake, mbok Sum adus luh.
9. Rani panas atine bareng weruh pacare boncengan karo wong wedok liya.
10. Pak Karto direwangi adus keringet kanggo nyekolahke anak-anake.
11. Andi peteng atine sawise ngerti yen dheweke ora lulus ujian.
12. Pak Sastro kuwi alus budine, mula disenengi marang tangga-tanggane.
13. Bu Gito perih atine ngerti bojone neng sebrang duwe bojo maneh.
14. Nana pancen landhep nalare, mula dheweke entuk ranking 1.
15. Yen kowe ngomong marakake ngabangake kuping.
Tags: Tembung
Share:
Posting Lebih Baru Posting Lama Beranda
Designed by Jaya Media


Pilihan Materi

  • Artikel Basa Jawa 5
  • Bab Budaya 29
  • Bab Sastra 25
  • Cerkak 3
  • Imbuhan 10
  • Pawarta 7
  • Sesorah 8
  • Soal PPPK 5
  • Tembung 36
  • Ukara 15
  • Warna Kehidupan 10
Diberdayakan oleh Blogger.

Pengikut