WACANA NARATIS , DISKRIPSI, EKSPOSISI, ARGUMENTASI, DAN PERSUASI
Standar Kompetensi : Mampu menuliskan ungkapan gagasan dalam bentuk wacana narasi, diskripsi, eksposisi, argumentasi dan persuasi.
Kompetensi Dasar : Menuliskan Wacana Tentang Budaya Jawa
A. WACAN NARASI (NYERITAKAKE)
Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya - kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning crita.
Wacana Narasi ana warna loro :
1. Narasi Ekspositoris
Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu / apa anane. upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jjero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. utawa Jaksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan.
Tuladha :
Jam enem Darmi mangkat enyang pasar arep kulakan. teane ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu ngiprit.
2. Narasi Sugestif
Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen - angene waong kang maca. upamane : dongeng ( Aji saka ), cerkak, Novel, Roman.
Tuladhane ;
Cerkak ( cerita cekak )
Pak Guru
Parjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún. Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.
Hèlêm loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké kiwa têngên sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng mburiné dhèwèké. Ora lêt suwé Nardi nyêdhaki Parjó.
"Sês, Pak Guru!?" Nardi nawani rókók.
"Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!" sêmauré Parjó karo ngrógóh kanthóngan ngêtókaké rókóké.
Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.
"Ayo DhÃk Nardi, gèk ndang ditêrké. WÃs kawanan jé...! Mau tanginé kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni."
TanpÃ¥ ngucap Nardi têrús nyandhak karungé Bu Wagiyêm. Disèlèhké ndhuwúr tèngki, têrús bablas. Ninggalké pêlúk sÃng kêmêndhêng. Parjó dhèwèkan manèh....ngalamún.
Parjó kèlingan ucapané Nardi rikÃ¥lÃ¥ nawani rókók. Sêbutan sÃng diucapké kÃ¥ncÃ¥-kÃ¥ncÃ¥ pêngojèk liyané. Pak Guru Parjó, lêngkapé bapak dóktórandús Parjó. Parjó nèk ésúk pancèn guru Ã¥nÃ¥ SMP Ãng désané. Lan nyandhang gêlar sarjana. Sarjana PMP. SÃng sabêndina nêrangké babagan pêmêrintahan marang murÃd-murÃd Ãng sêkolahé, nêrangké babagan pêmêrÃntahan démokrasi kang njunjúng kêadilan, pêmêrÃntahan sÃng adhêdhasar manút amanat pêndêritaan rakyat, pêmêrÃntahan sÃng dilandhêsi ukúm kanggo kabèh kawulané ora mandhang pangkat lan drajad kabèh kênÃ¥ ukúm sÃng pÃ¥dhÃ¥, NêgÃ¥rÃ¥ kang nganút dhémokrasi. Anti KKN lan liyÃ¥ liyané. Sêbutan Pak Guru rikÃ¥lÃ¥ nyambi ngojèk janjané rasané risi, nÃng suwé-suwé sindhirané kÃ¥ncÃ¥-kancané ora dirasakké. Miturút Parjó ngojèk kuwi pêkêrjaan halal lan ora ngrugèkaké liyan.
"Pak guru ki ora nguman umani, rêjêki kanggo kancané sÃng ora duwé gawéan yó... mèlu diarah, lawóng wÃs digaji gêdhé...préi dibayar. Lha kók sêmpat-sêmpaté ngojèk. Ã…pÃ¥ ora isÃn nèk kêtêmu murÃd-murÃd nèng ndalan?" sindhirané kÃ¥ncÃ¥-kÃ¥ncÃ¥ pêngojèk karo guyónan.
"Ora orané..., rêzêki sing ngatúr Gústi Allah..., rêzêki ora mungkÃn klèru!" sémauré Parjó sak kêcêkêlé.
"Wah nèk ngono kuwi kétók guruné..." suarané kåncå-kancané barêng karo pådhå ngguyu barêng.
Pisan manèh Parjó kèlingan limang tahún kêpungkúr. RikÃ¥lÃ¥ isÃh kuliah...rikÃ¥lÃ¥ isÃh sinau. Sêkolah sinambi nggarap sawah sak pathók, dadi burúh lan nyambút gawé sêrabutan sak kêcêkêlé. Kabèh dilakóni kanti sênêng. AmargÃ¥ duwé gêgayuhan lan pêngarêp-arêp, mêngko nèk wÃs nyandhang gêlar sarjana mêsti uripé bakal Ã¥nÃ¥ owah-owahan, dadi wóng sÃng kajèn kéringan dadi pégawai. Alhamdulillah amargÃ¥ têkún anggoné sinau akhiré Parjó lulús sarjana. Tahún pisanan nyoba mèlu ndhaftarké dadi pêgawé nêgri. Awan, ésúk, soré lan bêngi tansah sinau kanggo ngadhêpi mbók mênÃ¥wÃ¥ Ã¥nÃ¥ tèstÃng pênêrimaan pêgawé.
DinÃ¥ kang ditunggu-tunggu têka, dinÃ¥ kanggo ujian masuk dadi PNS. Mangkat tèstÃng kanti gagah sêmangat êmpat lima. Yakin mêsti isÃ¥ nggarap kabèh.... Têrús tèstÃng diwiwiti. Kabèh soal isÃ¥ dijawab kanti bênêr, kari nunggu pêngumuman.... DitÃ¥mpÃ¥, têrús dadi Calón Pégawai Nêgêri Sipil alias CPNS. TanpÃ¥ kélangan dhuwit.... Aku êmóh nèk dadi pêgawai nganggo dhuwit, êmóh yèn KKN.... Lha wóng dhuwÃt kók diwènèhké wóng sugÃh. PÃ¥dhÃ¥ waé ngingóni wóng lémpóh.... Ngono pikiré Parjó.
Sak wisé têlúng minggu dinÃ¥ pêngumuman têkÃ¥, têrús mangkat niliki pêngumuman pênêrimaan CPNS. Diatúraké nomêr-nomêr sÃng ditÃ¥mpÃ¥, nangÃng nomêré Parjó.... blóng.... ora Ã¥nÃ¥. Taún kapÃng loro yÃ¥ hasilé pÃ¥dÃ¥ waé.... Taún kapÃng têlu, papat, limÃ¥.... Sami mawón.... Mupús.
RikÃ¥lÃ¥ ngancÃk taún kapÃng pitu idéalismêné mulai luntúr. Sajaké wÃs ngancÃk jaman sak iki kabèh-kabèh kudu nganggo isiné sak alias dhuwit.
"Ééé.... Blaik tênan, arêp dadi pêgawé kók angèlé ora jamak," Parjó grundêlan nèng ngarêpé Drs ParimÃn kÃ¥ncÃ¥ kuliahé rikÃ¥lÃ¥ mampir nèng omahé.
"Kowé gêlêm Ã¥pÃ¥ piyé? Sasi ngarêp Ã¥nÃ¥ pêndhaptaran manèh. NÃng kÃ¥yÃ¥ biasané. Jaman saiki kudu nganggo (ParimÃn nggèsèkké jêmpól karo drijiné). Léwat tanggaku sÃng kêrjÃ¥ nèng kÃ¥nÃ¥ dijamÃn!" sêmauré ParimÃn karo ngangkat jêmpól.
"Têrús pira?" Parjó nyaút kanti cêkak.
"Sak iki pasarané têkan séwidak!"
Blaik.... Trèmbèlané, lha kók kÃ¥yÃ¥ wóng bakulan, kÃ¥yÃ¥ blantÃk! Kuwi yÃ¥ dhuwÃt kabèh?!" Parjo sêmaúr karo njêgègès.
"Mbúh Jó! Dikandhani kók malah cêngèngèsan," ParimÃn sajak anyêl.
"Têrús carané piyé? Jaminané piyé? Upåmå ora kêtåmpå piyé? Åpå dhuwité iså bali? Êngko gèk ngapusi?" pitakoné Parjó kåyå udan.
"Ora mungkÃn, piyayiné nèk dibayar sak iki ora gêlêm kuwi jênêngé nyókól! Lha wóng aku kaé mbayaré pênuh nèk wÃs kêtÃ¥mpÃ¥, nèk kowé gêlêm ayo njalúk tulúng rÃ¥nÃ¥! Iki dudu KKN lho, lha wóng njalúk tulúng. UmpÃ¥mÃ¥ nganggo dhuwÃt mbayaré kuwi nèk wis kêtampÃ¥... pinÃ¥ngkÃ¥ ucapan têrima kasih alias matúr nuwún!"
"Kuwi alias ya mbayar.... Ya KKN. Lha kélangan dhuwÃt!" Parjó nyaút gunémané ParimÃn.
"Ya! sak karêpmu sÃng ngarani!" ParimÃn rÃ¥dÃ¥ anyêl.
Êmbúh piyé céritané ngêrti-ngêrti Parjó nyarujuki usulé Parimin. Parjó karo ParimÃn sidÃ¥ mêngadakan pêrjanjian tidak têrtulis kathi cathêtan ucapan têrima kasih Rp 60 juta. Ã…ngkÃ¥ sÃng cukúp fantastik kanggoné Parjó. RikÃ¥lÃ¥ Ã¥nÃ¥ pêndhaptaran Parjó ndaptarké manèh sawisé olèh Kartu Pêndaftaran têrús dipotokopi, dititipaké marang tanggané ParimÃn.
Wis têkan titi mangsané, pêmêrÃntah dhaérah nggatèkaké nasibé pÃ¥rÃ¥ guru sÃng wÃs ngabdi suwé. Pênêrimaan PNS diutamakké sÃng pêngabdian lan umuré wÃs akèh, kêrsané Gústi Allah, Parjó mêmênuhi syarat. Parjó ditêtêpaké ditÃ¥mpÃ¥ dadi CPNS. NangÃng ora ngêrti Ã¥pÃ¥ mêrgÃ¥ bantuan Ã¥pÃ¥ mêrgÃ¥ liyané, amargÃ¥ rikÃ¥lÃ¥ kabèh kÃ¥ncÃ¥-kancané sak angkatan ditakóni ora Ã¥nÃ¥ sÃng nganggo dhuwÃt babar blas.
Parjó kêtampa kanthi rÃ¥sÃ¥ sêtêngah-sêtêngah, yÃ¥ sênêng, yÃ¥ susah. Sênêngé mêrgÃ¥ sÃng diidham-idhamaké pitúng tahún wÃs kêcêkêl. NangÃng sÃng ndadèkaké susahé, sak iki kudu nggólèk dhuwÃt sêwidak yutÃ¥. Pêrjanjian wis kêbacút ditèkên. Sawisé rêmbugan karo bojoné, diputusaké nyilÃh dhuwÃt marang tanggané sÃng dódól matêrial, kanthi jaminan sértipikat lêmah warisané. Lan anakan sabên wulan têlúng pêrsèn. Ditambah adól mangsan sawah sak pathók warisan sÃ¥kÃ¥ mÃ¥rÃ¥ tuané suwéné limang tahún.
Nêm tahún lawasé Parjó wÃs rêsmi dadi Pégawai Nêgêri Sipil (PNS), nèk mangkat nganggo PSH nècis. NangÃng nganti saiki, nganti anaké wis loro durúng ngrasakké blanjané, amarga SK pêgawéné dititipaké Ã¥nÃ¥ bank. Jangkané sêpulúh tahún kanggo nutúp utangan rikÃ¥lÃ¥ mlêbu dadi pêgawé lan krédhit pit móntóré.
"Dhúh Gústi tibaké dadi pêgawé nganggo cÃ¥rÃ¥ ngéné iki malah susah, pénak gèk dadi tani biyèn kaé, éntúk sithÃk dipangan sithÃk ora dioyak-oyak utang." Parjó ngunjal ambêgan. Atiné tambah gêtêm-gêtêm rikÃ¥lÃ¥ Ã¥nÃ¥ wartÃ¥ ing surat kabar, sing nêrangaké manÃ¥wÃ¥ Ã¥nÃ¥ oknum PNS nÃ¥mpÃ¥ sógókan ditangkêp polisi amargÃ¥ apús-apús. Barêng ditêlusur tibaké óknum mau sÃng nÃ¥mpÃ¥ dhuwit sêwidak yutÃ¥ sÃ¥kÃ¥ dhèwèké.
"Pak Guru tangi! Ayo aku têrké mulÃh.... Ngalamún waé!" Sartónó pagawé pabrÃk tèkstil ing kutha nggugah lamunané Parjó.
"Éh.... iyÃ¥... iyÃ¥..., lho kók yah méné wÃs mulÃh, Sar?" Parjó gêragapan karo nggolèki srandhalé.
"Anu Pak guru.... Mau ora dha mlêbu nyang pabrÃk. NÃng dha nyang kabupatèn. Dhémo nuntút kênaikan gaji," suarané Sartónó katón sêmangat têrús mlumpat nyang sadhêl.
"Mêngko nèk sÃng dhémo malah dipêcat anakmu tók pakani Ã¥pÃ¥?"
"Êhmmm...." Sartónó ora biså njawab.
::Déning: P Dasihanto FD::
Sumber : Jagad Jawa - Solopos
Bedane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif :
Narasi Ekspositoris Narasi Sugestif
1. Njembarake wawasan utawa pangerten.
2. Mbeberake katrangan bab prastawa.
3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.
4. Basa Informatif, tembung denotatif. 1. Mbeberake makna kang sinandi.
2. Nguripake pangangen - angen (imajinasi)
3. Nalar mung Kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake
4. Basa figuratif, tembunge konotatif.
B. WACAN DISKRIPTIF (NGGAMBARAKE).
Wacana Diskriptif yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya - kaya ana ngarepe wong kang maca.
Tuladha :
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku - buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
Museum Diponegoro
Museum iki manggon ing Magelang, persis ing Jalan Diponegoro no. 1. Gedhunge manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene, mbiyen Pangeran Dipanegara (Diponegoro) diapusi dening Walanda. Ing museum iki kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran Dipanegara, klambi kang ukuran dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe seka bakal (kain) shantung. Ana uga kitab Tahrib, bale kanggo sholat, 7 (pitung) cangkir, lan maneka warna liyane.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Keterangan :
Wacana di atas menggambarkan tentang barang-barabg milik pangeran Diponegara yang disimpan di Museum Diponegara, barang yang disimpan antara lain : baju yang tingginya 1,57 meter dan lebarnya 1,35 meter, yang terbuat dari kain Santhung, serta terdapat kitab Tharib, balai untuk sholat, 7 cangkir, dan masih banyak yang lainnya.
C. WACANA EKSPOSISI (NYERITAKAKE PROSES)
Sajroing wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi. Narasai kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris/ narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancase wacana eksposisi yaiku maparake, njlentrehake ( menjelaskan), ngaturake informasi, mengajarkan lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa nampa utawa narima. Wacana elsposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab. tuladhane upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane.
Tuladha
Mendhem ari-ari
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing). Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan).Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ket: wacana diatas merupakan ekposisi dapat dilihat dari adanya penjeklasan yang merupakan kata kunci dari wacana eksposisi. Paragraf diatas menjelaskan tentang upacara mendhem ari-ari disitu dijelaskan tentang makna istilah mendhem ari-ari dan juga tata urutan upacara. Dijelaskan pula simbol-simbol yang ada dalam upacara adat tersebut.
Gedhang
golèkGedhang (ngoko) utawa Pisang (krama) iku sing thukul nglompok ing dhaérah tropis. Tandhuran gedhang kagolong kulawarga Musaceae. Ana pirang jinis gedhang sing warnané werna-werna, ananging mèh kabèh sing didol ing pasar utawa supermarket warnané yèn wis mateng lan rupané nglengkung. Gedhang akèh ngandhung kalium. Kembang gedhang diarani jantung.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ket: paragraf diatas termasuk wacana ekposisi. Wacana tersebut menerangkan tentang buah gedhang atau pisang dari segi asal-usulnya dan juga jenisnya.
D. WACANA ARGUMENTASI (PANEMU)
Wacana argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis/ kang ngomong.
Tuladha :
BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI
Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:
1. “gemi, nastiti, ngati-ati”
Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mBoten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges mBoten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mBoten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.
2. “tegen, mugen, rigen”
Tegen menika ateges mBoten nDamel tiyang sanes kuciwa_mliginipunipun ingkang dados semahipun, utawa dados tiyang menika kedah kurmat kaliyan garwanipun. Mugen ateges menawi tiyanng menika kedahipun saged dipercaya kaliyan tiyang sanes, utawi manungsa menika kedah saged nDadosaken tiyang sanes percaya kaliyan piyambakipun. Rigen menika ateges menapa ingkang dipuntindakaken menika saged nDadosaken manpangat kangge tiyang sanes.
3. “titi, rukti, rumanti”
Titi menika ateges tiyang menika mboten pareng sembrana anggenipun tumindak. Rukti ateges manungsa menika kedah dadhah penampilan ingkang sae, pantes lan mBoten ngisin-isini. Dene rumanti menika ateges saged nyekapi, utawi menawi dados garwa ingkang sae menika kedah saged nyekapi kabetahanipun ngangge penghasilan ingkang punpikantuk.
E. WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).
Paragrap persuasi iku sambugane saka kembangane saka paragrap argumentasi. persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep - arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Tuladha :
praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.
wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.
Sumber: Blog Kangsura