Apa wae kang biasa dilakokake dadiake gampang anggone gawe. Dhewe wis bisa ngira-ngira kepriye sing arep dilakokake. Mula kajenge apa-apa kang dhewe senengi apike dilakokake saben dina kanthi seneng lan waspada. Waspada neng kene dhewe kudu bener-bener temenan anggone jekel gawean lan jaga-jaga mbok menawa ana sing dadiake repoting lelakon. Wong kang ngene iki bisa uga kasebut wong kang ngati-ngati. Nglakoni perkara ngati-ati iku pancen rada angel, akeh banget godha kang ora krasa nyedak lan pikiran pungkasane nyerah. Kang kaya ngene mujudake perkara kang ora disangka-sangka nongol.
Urip iki mesthi kudu dilakoni kanthi upaya kang temenan, aja gampangake perkara kang katone gampang. Akeh tuladha ing lingkungane dhewe nalika kerep nglakoni apa wae kanthi kesusuh ora dipikir temenan luwih dhisik dadiake apa kang dadi pangarepane malah dadi cilakane. Upaya kang wicaksana sadurunge lumampah ing karya apa wae diawiti kanthi niat kang bener lan diseseli kaliyan dedunga marang Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Menawa perlu nyuwun pitulungane wong liya lan diusahake aja isin-isin nyuwun tetulung, mbok menawa dheweke bisa menehi dalan kang nunjuke ing nasib luwih apik. Paling ora dirembug karo kanca utawa sapa wae kang bisa diajak rembugan babagan iku. Nalika ati wis mantep nembe lumampah kanthi alon-alon tur ngati-ati.
Kadhangkala dhewe duweni wektu sepisan thok kanggo makarya siji gawean. Wektu iku kudu digawe temenan lan aja grusah-grusuh. Mendhing rampung rada suwi nanging kasil apik lan gawe marem ing ati ketimbang cepet rampung nanging kasile ora gawe semseming ati malah mangkelke rasa. Wektu sing diwenehi digunaake kanthi prayoga, aja dilakoni nalika wektune arep rampung. Lakokna awit gawean iku diwenehke dhewe. Umpamane diwenehi wektu sesasi, dhewe ngawiti kanthi rencana kang wis mapan lan mantep. Delokana gawean kang nate wis digawe marang wong liya, mbok menawa ana kemiripane. Dadi bisa menehi dalan anggone ngawiti pakaryan iku.
Ing sajeroning ngrampungke pakaryan iku dhewe bisa wae nemuake perkara kang angel. Perkara kang ora disangka-sangka dadi mumeting pikiran. Coba dipikir alon-alon, diteliti maneh supaya bisa ngerti apa wae kang wis digawe lan sapa ngerti nemuake cara nalika weruh gawean kang wis rampung ing ngarep. Menawa tetep wae angel lan durung nemu kepriye anggone terus, luwih prayoga ngasoh disek. Ing sajeroning ngasoh dhewe karo golek-golek apa-apa kang bisa digunaake bantu pakaryane. Pikiran rada dikendhoake seka maneka warna sing njlimet-njlimet, mikira sing ora gawe abot pikiran. Yen sakirane cukup diawiti maneh, saiki pikiran dadi luwih seger lan siap makarya kanthi kasil kang dikarepe.
Tenan ora krasa wis rampung kabeh panggawean kang dhewe nglakoni kanthi seneng ing ati. Aja nganti blenger anggone tliti maneh gawean mau. Dhewe bisa mesem lan guyu kanthi mantep nalika kasile apik padha kang dikarepake. Kasil iku minangka karya dhewe kang kudu disyukuri merga penggawean wis rampung. Dhewe matur nuwun marang wong kang nate bantu, dheweke mesthi melu seneng nalika gawean dhewe wis rampung kanthi kasil kang dikarepake. Dadiake gawean mau pengalaman urip kang dadi guru ing wektu ngarep lan nalika ketemu maneh gawean sing padha utawa penggawean kang mirip kaya mau bisa duweni kasil kang luwih apik. Tuduhake ngilmu sing nembe wae marang wong kang butuhake ing kapan wae. Aja milah-milih karo wong sing arep dibantu. Wenehana kanthi ikhlas lan lega ing ati, sing kaya ngono dadiake dhewe disenengi wong akeh lan pikantuk ganjaran saka Gusti Kang Maha Agung.