1. Sesulih Purusa
Tembung sesulih purusa yaiku tembung kang bisa digunakake kanggo nyulihi uwong. Tembung purusa bisa dibedakake dadi telu:
- Utama Purusa
Utama purusa iku minangka gegantine uwong kapisan.
Tuladha: aku, kula, ingsun, adalem, abdi dalem, kawula, kita.
- Madya Purusa
Madya purusa iku minangka gegantine uwong kapindho.
Tuladha: kowe, sampeyan, jengandika, dika, nandalem, samang, slirane, awake, panjenengan, sira.
- Pratama Purusa
Pratama Purusa iku minangka gegantine uwong katelu.2. Sesulih Pandarbe
Tuladha: dheweke, dheke, dheknene, piyambake, piyambakipun.
Tembung sesulih pandarbe bisa diperang dadi loro:
- Proklitik
Proklitik yaiku sesulih pandarbe kang dumunung ing ngarep tembung.
Tuladha: dak- (tak-), ko- (kok-)
- Enklitik
Enklitik yaiku sesulih pandarbe ing mburi tembung
Tuladha: -ku, -mu, lan –e
Pronomina
|
Proklitik
|
Enklitik
|
aku
ingsun |
dak- / tak-
Sun- |
-ku
|
kowe
samang sira |
ko- / kok-
Mang- |
kmu
-em -ira/ire |
dheweke
|
-
|
-e
|
Tuladha:3. Sesulih Panuduh
- Tiwas dakkandhani jebule ora digugu.
- Takmulih dhisik, yu.
- Bukune aja kogawa lho.
- Tulung mangtutpke lawang niku, dhik.
- Mas, bukumu apa judhule?
Tembung sesulih panuduh yaiku tembung kang nuduhake dununge barang utawa nuduhake sawijining bab.
- Panuduh Lumrah
Kang kalebu tembung sesulih panuduh lumrah yaiku iki, iku/kuwi, ika/kae, niki, niku, nika, punika (menika), lan nganu (anu). Tembung iku lan niki bisa kanggo nuduhake sawijining barang utawa bab kang cedhak karo kang dirembug. Tembung iku, kuwi, lan niku bisa kanggo nuduhake sawijining bab kang rada adoh karo sing dirembug. Tembung punika mung dienggo ing basa krama lan tegese bisa ‘iki’, ‘iku’, lan ‘kae’. Tembung nganu (anu) bisa kanggo nuduhake sawijining bab kang durung cetha jalaran sing karembug lali.
Tuladha:
- Iki duwekku apa duwekmu?
- Omah iku kudune ora ana ing kono.
- Budi, kae bapakmu rawuh.
- Mas, nika pesenane dugi.
- Punika kagunganipun sinten?
- Ingkang ngagem rasukan ijem punika punapa ingkang raka?
- Aku arep tuku nganu, e…tuku polpen
- Kowe mau anu, …digoleki mbakyumu.
- Panuduh Papan
Kang kalebu tembung sesulih panuduh papan yaiku kene, kono, kana, ngriki, ngriku, lan ngrika. Tembung rene, rono, lan rana ora kalebu tembung panuduh papan sebab tembng kuwi asale saka tembung mrene, mrono, lan mrana.
Tuladha:
- Aku lenggeh ana kene bae.
- Kula lungguh wonten ngriki kemawon.
- Pacule aja didokok kono.
- Paculipun sampun dipundekek wonten ngriku.
- Aku krasan ana kana.
- Kula kraos wonten ngrika.
- Panuduh Sawijining Bab
Kang kalebu tembung sesulih panuduh sawijining bab yaiku ngene, ngono, ngana, lan mekaten (ngaten/ngeten). Tembung ngene nuduhake sawijining bab kang cedhak karo sing rembugan, tembung ngono lan ngana nuduhake sawijining bab kang rada adoh karo sing rembugan lan tembung mekaten bisa nuduhake sawijining bab kang cedhak, rada adoh, utawa adoh karo kang rembugan.4. Sesulih Pitakon
Tuladha:
- Nulis pasangan ca lan ba iku ngene.
- Nyerat pasangan ca lan ba punika mekaten.
- Lha ya ngono kuwi sing dikersakake bapak.
- Lha inggih mekaten punika ingkang dipunkersakaken bapak.
- Bocah ngana kae biyasane ora pinter sekolahe.
- Lare mekaten punika padatan boten pinter sekolahipun.
Tembung sesulih pitakon yaiku tembung kang gunane kanggo pitakon. Kang ditakokake iku bisa awujud barang, uwong, utawa kaanan. Sing kaebu tembung sesulih pitakon yaiku apa, sapa, ngapa, yagene, genea, endi, sing endi, kapan, kepriye (priye/piye), lan pira.
Tuladha:
- Apa iki sing jenenge cethel?
- Sing mrene mau sapa, kang?
- Kowe mau kok nangis ngapa, dhik?
- Yagene kowe mlayu-mlayu, Ita?
- Genea kowe teka telat?
- Iki kaosmu sing endi?
Tembung sesulih panyilah yaiku tembung kang kanggo ngganti tembung aran kang ana ing babone ukara. Kang kalebu tembung sesulih panyilah yaiku sing, kang, lan ingkang.
Tuladha:
- Buku sing daktuku wingi kae disilih Tutik.
- Swara kang ngabangke kuping ora perlu dirungokake.
- Bab kang arep dakaturake iki beda karo liyane.
- Ingkang ngagem rasukan bathik punika dsen kula.
- Bab ingkang panjenengan aturaken kala wau panic leres.
Tembung sesulih sadhengah yaiku tembung kang kanggo gegantine uwong utawa barang kang kaanane durung cetha utawa durung genah. Kang kalebu tembung iki yaiku sawijining, apa-apa, apa bae, sapa-sapa, saben uwong, kabeh, sing sapa (bae), lan salah siji.
Tuladha:
- Iki kalebu sawijining bab kang kudu antuk kawigaten.
- Apa-apa kok ora bisa, gumun aku.
- Kowe mau tuku apa bae?
- Saben uwong mung entuk jatah siji.
- Sing sapa liwat kudu mbayar.