Cara lan teknik nyritakake pengalaman iku padha karo cara lan teknik pidhato. Kejaba nyiapake apa kanga arep dicritakake, kang paling utama yaiku kowe nduweni kewanen lan rasa percaya marang awake dhewe. Kewanen iku bisa dilatih kanthi sering nyoba utawa latihan. Wektu kowe nyritakake pengalaman kowe uga nggatekake omongan. Omongan kudu cetha kanthi nggatekake kedal, intonasi, lan lagu basa (irama) kanthi trep. Kang penting uga, kowe kudu nggatekake urutan utawa runtuting crita. Crita ing ngarepe wong akeh pancen kudu duwe pengalaman, keprigelan lan kuwi kabeh kanthi cara gladhen.
Tuladha wong kang nyritakake pengalaman awujud crita lucu nalika isih sekolah.
NALIKA AKU ISIH SEKOLAH
Nalika aku isih sekolah pinuju ulangan semesteran, aku rada kakehan dolan, nggonku sinau yo mung srampangan. Mula bareng tekan titiwanci ulangan aku rada gragapan. Gandheng atiku ora teteg mula aku terus gawe cathetan cilik-cilik, karepku arep takenggo ngepek. Tenan, bareng bel wis muni, cathetan takgegem tangan kiwa, lungguh anteng, tangan kiwa sedheku ben ora ketara yen nggawa kepekan. Lembaran soal takbukak, soal nomor siji takwaca terus mbukak kepekan pas banget karo sing ditakokake. Jawaban terus taktulis kanthi trampil. Bareng tekan soal nomor lima, aku buka kepekan, eeeee guru pengawas nyedaki aku. Aku rada bingung, kawatir yen konangan. Mula cathetan takemut. Senajan catethanku mau nganggo mangsi sing luntur, dadi tutukku biru kabeh. Cilakane guru pengawas malah takon: “piye le angel?”. Waduh aku bingung, arep wangsulan mengko konangan lagi ngemut kepekan, arep meneng ora penak ditakoni guru kok meneng wae. Kanggo ngawekani supaya ora konangan cathetan mau takulug sisan, ya… rada pendelikan.