Sandiwara (drama) yaiku gancaran kang nggambarake wataking manungsa lumantar solah bawa, tingkah laku, paguneman sing dipentasake. Tingkah laku lan paguneman mau bisa arupa: rembugan, micara, nembang, ngguyu, nangis, mlaku, bengak-bengok, lungguh, turu, padu, olah raga, gojeg, lsp.
Sandiwara saka tembung sandi + wara. Sandi tegese wadi lan wara tegese piwulang utawa pitutur. Dadi sandiwara iku duweni teges piwulang kang ditintakake kanthi pralambang. Sandiwara uga diarani tonil (tontonan). Wayang, kethoprak, ludruk iku uga kalebu sandiwara. Kalamun dijupuk saka dudutane tembung sandiwara yaiku piwulang kanthi rahasia lumantar tontonan. Para pamiyarsa duwe ayahan supaya nggoleki dudutan dhewe, endi piwulang kang becik utawa ala kang bisa dituladhani kang kinandhut saka isining sandiwara mau.
Tembung “drama” saka tembung Yunani kang tegese obah utawa panggawe. Ing basa inggris diarani action. Sing dadi ciri utama drama yaiku obahing awak kanggo nyethakake panggawene manungsa. Sabanjure sing dikarepake drama yaiku karangan kang disusun awujud paguneman kanggo dipentasake. Sandiwara bisa dipentasake lumantar panggung, media masa kaya dene radio lan televisi. Tulisan utawa naskah drama diarani repertoire.
Perangane sandiwara yaiku:
- Tema, yaiku undhering crita. Tema bisa babagan ekonomi, politik, sosila, pertanian, budaya, teknologi, lsp.
- Alur, yaiku urutaning kedadean ing crita sandiwara. Jinise ana maju, mundur, lan campuran.
- Paraga, lakon kang nindakake crita sandiwara. Lumrahe kaperang ana protagonis, antagonis, tritagonis.
- Paraga protagonis, yaiku paraga kang luhur bebudine, landhep panggraitane, becik budi pekertine, sopan santun, manut aturan kang gumathok.
- Paraga antagonis, yaiku paraga kang dadi kosok baline paraga protagonis.
- Paraga tritagonis, yaiku paraga figuran, paraga kang sithik perane utawa kanggo ganep-ganep.
Wondene perangan-perangan sandiwara ing antarane:
- Amanat, yaiku piweling lan piwulang luhur sing bisa dipethik dening pamiyarsa. Piwulang lan piweling iku siningid (ora cetha) sajroning crita lan para pamiyarsa sing kudu bisa ndudut (nyimpulake) isine sandiwara mau.
- Latar, yaiku papan, wektu, lan swasana dumadine crita.
- Babak, yaiku perangan saka crita sandiwara kanggo nggampangake nindakake alur, utawa dalane crita.
- Adegan, yaiku perangan saka babak kang ditindakake dening para paraga manut ayahan lan watak lakone.
- Prolog, yaiku tembung utawa bebukaning sandiwara kanggo miwiti crita sadurunge dipentasake kanthi wutuh.
- Epilog, yaiku tembung utawa panutuping sandiwara kang diandharake sadurunge pentas purna.
- Monolog, yaiku guneman kang ditindakake dening paraga ijen.
- Dialog, yaiku guneman dening paraga siji marang paraga liyane. Saka guneman iki isining crita bisa dimangerteni.
- Mimik, yaiku ekspresi ulat kang ditindakake paraga kanggo nggambarake kahanan kang dialami paraga.
- Pantonim, ekspresi awak kanggo menehi gambaran emosi marang apa kang dialami.