Ukara tanggap utawa kalimat pasif yaiku ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanggap. Jejer ing ukara tanggap padatan dadi sasaran utawa dikenani pakaryan. Wasesa ing ukara tanggap migunakake tembung kriya kang kawuwuhi ater-ateri di-, ka-, dak-/ko- utawa seselan –in-.
Jejer utawa subjek yaiku perangan kang dadi bakuning ukara utawa perangan kang dadi lajere ukara.
Wasesa utawa predikat yaiku perangan kang dadi inti utawa kang dadi punjering ukara. Ukara tanpa wasesa ora bisa sinebut ukara, nanging sinebut frasa.
Geganep utawa pelengkap iku kalebu perangane ukara kang gunane njangkepi wasesa. Ukara kang ana geganepe iku padatan wasesane awujud tembung kriya. Mula, gunane geganep iku kanggo ngganepi tembung kriya kang ana ing wasesa supaya ukara ora gothang.
Penerang mujudake perangane ukara kang ora kudu ana ing ukara. Tanpa penerang, ukara tetep beber sebab urutane ukara tetep jumbuh karo pranatan kang ana (kanthi gramatikal). Kajaba iku, penerang bisa ngolah-ngalih dununge, bisa dumunung ing pungkasane ukara, ing kawitane ukara, lan bisa uga dumunung ing antarane jejer lan wasesa.
Tuladha:
- Adhiku//diseneni//Pak Suta.
J W Gg
- Mas Wasiman//lagi didangu//Budhe Wagimin.
J W Gg
- Layang//enggal kasimpen//ing laci.
J W P
- Wacan iki//katulis//nalika ana Jakarta.
J W P
- Mas Poer// tinimbalan//Gusti kang akarya Jagad.
J W Gg
- Lungane Maryatun//tinangisan/anak-bojone.
J W Gg
- Sega gorenge//arep dakpangan.
J W
- Duren kuwi//daktukune bae!
J W
- Komputer iki//arep kokkapakake?
J W
- Wedhusmu iku// kokdol pira?
J W
Ukara tanduk mawa lesan menawa didadekake ukara tanggap, lesan ing ukara tanggap owah dadi jejer ing ukara tanduk lan tembung kriya tanduk ing wasesa owah dadi tembung kriya tanggap.
Tuladha:
- Adhiku//lagi nggawe//panganan saka ketan.
J W L
- Panganan saka ketan//lagi digawe//adhiku.
J W Gg
- Kangmasku//arep nonton//wayang kulit.
J W L
- Wayang kulit//arep ditoton//kangmasku.
J W Gg
- Jumina//mbungkus//sarung.
J W L
- Sarung//dibungkus//Jumina.
J W Gg