Karawitan asale saka tembung rawit, kang pikantuk ater-ater ka- lan panambang –an. Rawit duweni teges ‘alus, lembut, lungit’. Panambahan ater-ater ka- lan panambang –an ing tembung rawit dadekake wujud tembung lingga kasebut dadi karawitan lan minangka tembung aran. Tembung karawitan uga asring ditegesi kaendahan lan minangka musik tradisional. Tembung karawitan uga bisa ditegesi minangka salah sawijining keahlian, ketrampilan, seni nabuhake, nggarap utawa ngracik sawijining gendhing.
- Dhalang : tukang nglakokake lakon wayang
- Waranggana : tukang nembang gendhing-gendhing ing pagelaran wayang (uga bisa disebut pasindhen)
- Niyaga : tukang nabuh gamelan
- Gerong : nabuh gamelan sinambi nembang
- Wiraswara : wong lanang kang duweni tugas menehi vokal ing pamentasan gendhing.
- Sindhen : wong wadon kang duweni tugas menehi vokal ing pamentasan gendhing.
|
|
Gamelan minangka alat kesenian kang sarwa luwes.
Tuladhane:
- Gamelan Lan Pendidikan,Gamelan digunaaken kanggo mulangke rasa kaendahaning pribadhine uwong. Uwong kang biyasa ing dunya karawitan, rasa setiya kancane thukul, seneng nyapa liyane lan kelakuane dadi sopan marang sapa wae. Kabeh iku jalaran jiwane kaya unine gendhing-gendhing kang swarane alus.
- Gamelan lan tari-tarianGamelan pancen ora bisa dipisahake kaliyan tari-tarian. Gamelan pancen alat kanggo ngiringi sing jenenge tari-tarian. Gamelan iki bisa kanggo ngiringi sakabehane wernane tari-tarian, tarian jaman biyen utawa tarian modern gamelan kedhah bisa digunakake kanggo ngiringi kanthi sae.
- Gamelan Lan PamujaanMiturut sejarah gamelan kawitane digunaake kanggo muja-muja dhumateng roh-roh alus utawa roh saking leluhur.
- Gamelan Lan AgamaSaka upacara ritual, gamelan sansaya misuwur ing babagan agama, yaiku kanggo ngganti swasana sepi lan nyeyet, kanggo gawe perhatiane wong, lan liya-liyane.
Gamelan, tembung menika mesthi asring kapireng lan mboten asing ing talingan kita. Punapa malih ing tlatah Jawi, amargi gamelan punika salah satunggaling asil kabudayan Jawi. Sacara etimologi tradisional, gamelan menika saking tembung “ ga ” (3) lan “ sa “ (10); “ ga “ menika tembaga lan “ sa “ menika swasa utawi timah. Salajengipun tembaga lan timah dipuncampur, saengga ngasilaken perunggu, kuningan , lan tosan. Miturut bausastra basa Jawi, gamelan (gangsa) menika araning tetabuhan ingkang rericikanipun kadosta, baron, saron, gender, balungan, lan sapanunggalipun.
Perangan – peranganipun gamelan menika mawarni – warni inggih menika, bonang (bonang panembung, barung, lan panerus), balungan (saron demung, saron ricik, lan saron panerus / peking), gender (slenthem, barung, lan penerus), gong (gong gedhe, suwukan, lan kempul / gong kecil),kendhang, kenong, kethuk, rebab (gesek), kenthong (gedhe, batangan, lan ketipung ),siter (petik), suling (tiup), gambang, kempyang, lan ora umum ( kecer, kelana, lan keramat ).
Salebetipun pewayangan ( pedhalangan ) dipuntepang kalih laras musik gamelan inggih menika, slendro (wilahan notasi: 1,2,3,4,5,6,1,2) lan laras pelog kaperang kalih, pelog barang & pelog manis. Pelog barang (wilahan notasinipun: 7,2,3,4,5,6) lan pelog manis (wilahan notasinipun: 1,2,3,4,5,6). Gamelan miturut wujudipun wonten kalih inggih menika, gamelan ageng lan gamelan barut (gamelan saking tosan). Dados gamelan menika orkestra musik ingkang dipunangge ngiringi pementasan wayang kulit sewengi suntuk.
Menawi dipungatosaken kanthi tlesih, nuansa salebetipun musik gamelan ingkang bahanipun saking tosan, kulit kewan (kendhang), lan kajeng (gambang), sarta kawat (rebab) saleresipun ngisyarataken “ filosofi gamelan“ ingkang tegesipun “guyup rukun“ alias kagotong – royongan utawi kasarengan ingkang dipunpimpin dening kendhang. Kamangka, gotong – royong kangge satunggaling ancas menika ciri khas rakyat Indonesia kados ingkang nate dipungali rakyatipun kanyata “gotong – royong“. Menawi musik gamelan kemawon saged nuwuhaken ganda karukunan, kagotong – royongan, sami ngengetaken, ( samad – sinambadan ), sami mbiyantu, lajeng kengeng menapa kathah tiyang ingkang sami musuhan, teror - meneror, lan vandalisme ( anarkisme ) ????
Musik gamelan asring kasebut ugi kaliyan “ seni karawitan “, maknanipun ngrawit (alus sanget, ewet sanget). Kangge seniman, dhalang, wiyaga (penabuh gamelan) ibaratipun kados “ garwanipun “ / “ kanca kenthelipun “. amargi, ing pundi kemawon panjenenganipun badhe tampil, panjenengaipun dipuntuntut nggadhahi kepekaan raos dhumateng wirama gamelan ingkang laras slendro utawi laras pelog.
Saengga pagesangan musik gamelan sampun ngalami perjalanan panjang sanget. Tegesipun sampun gesang membudaya lan mentradisi salebeting papan lan wekdal pagesangan sosial – budaya bebrayan pendukungipun. Panjenenganipun sampun marisaken estetik musical, konsep lan hal ingkang asipat teoretik, sarta maringi kontribusi salebetipun pagesangan membudaya bebrayan pendukungipun. Panjenenanipun ugi saged kasil miyosi margi ingkang panjang sacara dinamis jumbuhaken dinamika sosial – budaya bebrayanipun. Temtunipun salabetipun konteks salajengipun pagesangan musik gamelan menika piyambak,mboten uwal saking tigang hal penting menika, proses pengalihan kesagedan kangge musik gamelan, kontribusi musik gamelan kangge pagesangan mbudaya, lan rembakanipun kekaryaan.
Geseripun orientasi ingkang nyakup aspek musicalitas ( garap lan estetika musik gamelan ), paedah, kebebasan kreativitas kekaryaan, sistem transmisi kesagedan (pendidikan musik gamelan ), sistematisasi notasi, lapangan makarya seniman musik gamelan, asring kedadosan ing donya musik gamelan. Ing Jawa, wiwit taun 1970-an, minangka akibat saking rembakaning riset ing pawiyatan – pawiyatan gamelan, ngelmu kesarjanaan gamelan ngrembaka. Munculipun teyori – teyori gamelan musisi – musisi Jawi ngakibataken teyori gamelan ingkang dipunilhami pikiran Eropa kacampur kaliyan perspektif musisi Jawi. Babagan menika ugi dipunakibataken dening ningkatipun makarya sesarenganipun antawisipun teoritisi – teoritisi gamelan, Jawi utawinipun Eropa.
Saking kadadosan menika saged dipundudut bilih gamelan luwih mendonya tinimbang wayang. Sepisan, nilai mboten wujud gamelan, samenika ingkang dipunbetahaken warga donya. Semangat individualisme ing Barat menika sangsaya damel tiyang gesang kapuruk salebetipun katerasingan. Panjenenganipun ugi mboten purun mirengaken suwantenipun tiyang sanes. Nah, menawi kita nabuh gamelan, purun mboten purun kita mirengaken tiyang sanes. Mboten saged tiyang nabuh piyambak-piyambak, saengga munculaken toleransi. Sadaya tiyang salebetipun dolanan gamelan dados creator, dados kompresor. Salebetipun dolanan gamelan, wekdal damel musik menika wekdal pasugatan menika piyambak. Nalika tiyang dolanan gamelan menika dados tiyang. Lan warga donya nembe pengin gadhah cara dolanan ingkang mawarni – warni. Gamelan dipunginakaken ing Eropa minangka terapi kangge manungsakaken malih tiyang – tiyang ingkang dipunukum.
Salintunipun gamelan menika ugi dipunginaken kangge nglatih kesabaran ugi kecerdasan. Salebetipun dolanan gamelan ugi dipunbetahaken konsentrasi ingkang inggil, supados anggenipun nabuh leres lan suwantenipun gamelan selaras ugi kepenak dipunmirengaken. Dados intinipun nyinaoni gamelan inggih menika supados kita luwih saged ngetrapaken toleransi, makarya sesarengan, lan temtu kemawon saged nglatih raos / batiniah. Saengga saged ngasilaken alusipun lan timbangipun emosi.