Cerkak yaiku cekakan saka cerita cekak utawa ing basa Indonesia cerita pendek. Basa kang digunakake wis dadi mesthi basa Jawa. Cerkak basa Jawa ana kang ginaaken basa ngoko (basa Jawa kasar), basa krama (basa Jawa alus), basa Jawa krama inggil (basa Jawa paling alus).
- Ana ngendi bisa nemokake cerkak basa Jawa?
Cerkak umume minangka cerita utawa dongeng-dongeng kang wis misuwur dening masyarakat Jawa, mbuh iku sipate fiktif apa nyata. Cerkak iki bisa diterbitake ing majalah-majalah Jawa utawa Koran-koran kang metu ing Jawa Tengah, Jawa Timur utawa Yogyakarta.
Majalah Joko Lodhang minangka majalah kang paling digandrungi masyarakat ngayogyakarta lan Jawa Tengah, kajaba iku uga ana majalah basa Jawa kang diterbitake saka Surabaya yaiku Panjebar Semangat kang isine uga beberake cerita cekak utawa cerkak. Selajenge Koran umum kaya dene Kedaualatan Rakyat, Minggu Pagi, Kabare, lan Harian Jogja. Surat khabar kasebut kedah menehi kaca cerita cekak ing sajerone. Cerkak basa Jawa iki bisa dadi daya tarik masyarakat supaya gelem nukoni. - Cerita ing cerkak
Wondene materi cerita akeh sing dijupuk saka kedadean-kedadean ing masyarakat, pawarta-pawarta kang sumebar, tuladha-tuladha kang bisa dadi conto, pituduh-pituduh kang ngaurip utawa cerita katresnan. Judul utawa irah-irahan cerita cekak kang wis ana kaya dene:- “Ngumpulke Balung Pisah” kang nyritakake babagan kepriye ngempalake keluwarga kang wis misah-misah ing sawijining trah (keluwarga gedhe).
- “Keno Pulute Ora Mangan Nangkane” nyritakake babagan wong kang kena piwales saka apa kang wis ditindakake.
Judul kang liyane yaiku: ‘Tega Patine ora Tego Larane’, ‘Heri Guru Kang Ayu’, ‘Tince sing ayu songgar’, ‘Yati Janda Kembang’, ‘Jembatan Merah’, ‘Sumur Gumuling’, ‘Rebutan Bojo dadi Bubrah’, ‘Guo Slarong’, ‘Misteri Gunung Merapi’, ‘Ayumu Jebul Ora Tulus’, ‘Bojoku yo Bojomu, Bojoku Minggat’.
Cerita cekak utawa biyasa sinebut kanthi cekakan cerkak kuwi mujudake salah sijine karya sastra kang arupa gancaran. Cerkak yaiku cerita kang wujude cekak nyeritakake sawijine paraga (tokoh) ing saperangan uripe.
Amarga cerkak minangka karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke kang kapantha dadi loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.
Amarga cerkak minangka karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke kang kapantha dadi loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.
1. Tema
Yaiku sing dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.
2. Paraga
Yaiku pelaku kang mbangun cerita. Paraga kaperang dadi loro, yaiku paraga pokok (tokoh utama) lan paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu).
3. Watak
Yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).
4. Setting
Yaiku papan lan wektu kadadeane cerita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
5. Sudut pandang / point of view
Yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing cerita.
6. Lelewaning basa
Yaiku basa kang digunakake pengarang ing cerita.
7. Amanat
Yaiku piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
8. Alur/plot
Yaiku bakune cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak, kang mangaribawani ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan, lan
5. Budaya
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan, lan
5. Budaya
Titikane cerkak:
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5. Menawa ditulis antarane mung 3 – 10 kaca
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5. Menawa ditulis antarane mung 3 – 10 kaca