Budi pekerti ana nang ngendi wae, kayata: budi pekerti nang sekolahan, masyarakat, kaluwarga. Nanging ana bab ngarep-ngarepe wis diwenehi utawa ana tuladhane budi pekerti nang kluwarga lan sekolahan. Mula saiki tuladhane artikel basa Jawa sing gegayutan karo budi pekerti ing masyarakat.
Tuladha
Urip Bebrayan

Ana ing masyarakat Jawa rasa ngajeni marnag liyan iku kajaba awujud tindak tanduk lan unggah-ungguh guna awujud lan polatan. Basa tumrap wong kang diajeni beda karo basa kang tumrap sapadha-padha. Basa kang kanggo ngajeni iku diarani basa karma.
Sapa bae kang bisa ngenggoni sopan santun ya bakal dienggonake papan kang mungguh. Dene yen ora, iya banjur dicap ora ngerti tindak tanduk lan unggah-ungguh, ora ngerti tata karma. Tindak tanduk lan unggah-ungguh iku, ana ing bebrayan digatekake banget, malah isa nemtokake beja cilakane lelakon. Upamane, ana bocah luput utawa kleru anggone tumindak yen tata kramane ganep ora sida didukani. Kosok baline yen kang luput mau bocah ora duwe tata karma mesthi didukani. Mula becik yen ngerti ing unggah-ungguh lan tindak tanduk kang bener, aja nganti ninggalake sopan santun.
Gladhen
- Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis lan nganggo basa krama!
1. Apa sebabe manungsa iku ora isa urip dhewe ?
2. Ungguh-ungguh apa sing becik dienggo olehe srawung ing bebrayan ?
3. Kepriye carane supaya kita diajeni dening wong liya ?
4. Apa wae kang isa nemtokake beja cilakane lelakon ?
5. Kepriye becike supaya urip kita tansah ayem lan diajeni wong liya ? - Gawea artikel sing ngemu budi pekerti nang masyarakat liyane, miturut pangertenmu lan pengalamanmu saben dinane !
- Sawise nggawe, coba ijolana karo nggone garapane kancamu, banjut gatekna tuladha artikel mau, banjur dhiskusikna karo klompok sing kok pilih.
- Sawise kok tulis asile dhiskusi, banjur wacanen ing ngarep kelas !