- Jejer
- Perangan pokok ing ukara, umume nganggo jinising tembung aran (kata benda). Carane nggoleki jejer bisa kanthi pitakon apa utawa sapa.
- Wasesa
- Perangane kang ngandharake jejer. Lumrahe nganggo jinising tembung kriya (kata kerja).
- Lesan
- Perangan ukara sing dituju dening jejer. Lumrahe nganggo tembung aran (kata benda).
- Katrangan
- Perangan kang nerangake ukara.

Mau isuk bapakku tindak sekolah
Bapakku : jejer
Tindak : wasesa
Sekolah : lesan
Mau isuk : katrangan
Parmin tuku manuk ing simpang lima
Parmin : jejer
Tuku : wasesa
Manuk : lesan
Ing simpang lima : katrangan