- Carane Ngetrapake Unggah-Ungguh
Supaya anggone ngetapake unggah-ungguhing basa ing pasrawungan bisa trep, becik, bener, lan pamilihing tembung-tembung (leksikon) pancen ana sarat-sarate sawatara. - Nguwasani leksikon krama, krama inggil, lan madya sacukupe, luwih-luwih sing kalumrah utawa kerep kanggo ing caturan padinan. Cacahe leksikon ngoko, krama, krama inggil, lan madya kang kudu dikuwasani gumantung marang pribadhi sing nggunakake. Saya jembar pasrawunge, saya akeh anggone memaca, nyemak, lan ngrungokake wacana lan wicara, mesthi bae bakal luwih akeh kosa tembung kang didarbeni.
- Prelu mawas sapa sing diajak guneman lan sapa sing digunem. Ngenani bab iki kudu bisa nemtokake:
- Kepriye sesambungane pamicara karo mitra wicara.
- Ing babagan umur, sababag, luwih enom, apa luwih tuwa.
- Apa peprenahane, prenah wong tuwane dhewe, embah, pakdhe, paklik, prenah kakang apa adhi, lsp.
- Kudu bisa mawas apa kira-kira pangkat, kalungguhane, drajat, utawa golongane wong kang diajak wawan gunem iku. Apa klebu golongane priyagung/pejabat, punggawa/karyawan lumrah, wong terpelajar apa wong tani, golongan ngulama apa rohaniawan, bakul utawa tukang becak, lsp.
- Pancen nemtokake prakara-prakara kasebut gampang-gampang angel. Nanging sanajan anggone nyawang sapa paraga iku mung salebatan bebasane, ya kudu bisa enggal netepake putusan. Yaiku ngecakake basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus, apa krama madya.
Yen angone ngetrapake basa laras karo kaanan lan kalungguhane mitra wicara sarta pamilihing tembung-tembung bener, mesthi bakal bae nuwuhake rasa seneng lan rumangsa “diuwongake” utawa diajeni tumrap mitra wicara. Kosokbaline mitra wicara kita uga bakal ngetrapake basa kang salaras lan samurwat minangka sesulihe.
Ngetrapake unggah-ungguhing basa kang kliru bisa dicap “ora Jawa”, basane “gadho-gadho”, njuwerehi, ora ngepenakake ati. Bisa-bisa malah nyerikake ati, dadine ora ngraketake pasaduluran malah bisa methalake anggone padha kekadhangan. Mulane becike ngati-ati ing sabarang ucap lan ujar, ing sabarang tumindak lan laku. - Ancer-Ancer Panuntun Nggunakake Tataran Tutur
Supaya gampang disinau lan luwih prasaja, nanging ora nyimpang saka cak-cakaning tatakramane basa ing sesrawungan bebrayan Jawa, tataran basa Jawa kabagi loro:- Basa ngoko, kanthi variasine ngoko lugu lan ngoko alus.
- Basa krama, kanthi variasine krama madya, krama lugu, krama alus.
Diarani basa ngoko awit racikan dhasare dumadi saka leksikon ngoko. Diarani basa krama awit racikan dhasare dumadi saka leksikon karma. Basa ngoko iku kejaba dadi basa tutur utawa caturan padintenan kang sipate bebas lan “demokratis”, uga dadi basa jurnalistik, yaiku basa kang dienggo ing kalawarti (majalah) lan ariwati (layang kabar). Uga basane para pengarang kanggo nggubah/nganggit karya sastra, embuh wujud novel, crita sambung, cerita cekak, geguritan, apa tembang. Basa krama sipate ora bebas awit kaiket dening unggah-ungguh utawa paugeran tata krama.
Basa, Sastra, lan Budhaya Jawi
Home Bab Budaya Tataran Tutur Basa Jawa
Tataran Tutur Basa Jawa
Kewarta Maret 28, 2015 0
Designed by Jaya Media