- Ukara Pangajak
Ukara pangajak yaiku ukara kang isine ngajak marang wong liya, supaya bareng-bareng nglakoni (nindakake) pagawean karo sing ngajak, dadi sing ngajak lan sing diajak bareng-bareng nindakake pagawean.
Tuladha:
- Prekara iki prayogane ayo padha dirembug bebarengan!
- Bancakan iki ayo padha dikepung bebarengan!
- Ayo padha sowan simbah saiki bae! - Ukara Panjaluk
Ukara Panjaluk yaiku ukara kang nduwe teges prentah utawa pakon sing luwih alus. Dene umume nganggo basa krama.
Tuladha:
- Mangga kula aturi lenggah ingkang sakeca, Bu!
- Panjenengan cekap wonten dalem kemawon, dene kula mangke ingkang ngurusi!
- Bu, kula aturi dhahar sakeparengipun!
- Menawi wonten wakdalipun balik kemawon ingkang sowan simbah. - Ukara Prajanji
Ukara prajanji yaiku ukara sing isine prajanji marang wong sing diajak guneman (wong kapindho).
Tuladha:
- Anggere kowe krasan ana kene suk mben daktukokake sepedha anyar.
- Menawa usaha iki bisa kasil uga dakwenehi.
