Selasa, 31 Maret 2015

Maret 31, 2015 -

Kabudayan Jawa


Tembung kabudayan asale saka tembung lingga budaya oleh ater – ater ka- lan panambang -an. Tembung budaya kadadeyan saka pamore bu + daya. Wuwuhan bu ateges sipat utawa kahanan. Tuladhane kayata:
Bupet : sipat utawa kahanan kang pepet (ora bolong), barabudhur : pamore tembung bara (biara) + bu + dhuhur : tegese : biara (wiara, klooster) kang asipat dhuwur( luhur) .


Wondene tembung daya ateges budi (lumrah kasaroja dadi muni budidaya), nalar angen – angen panemu. Budaya ateges sipating budi, sipating nalar, utawa sipating angen- angen. Mungguh sipating budi utawanalar (angen – angen) iku jer diulah kanthi pangudi bisa mahyakake kaweruh lan kagunan warna – warna kang diarani kabudayan. Mula tembung kabudayan ya banjur ngemu teges wohing budaya, wedaring nalar utawa angen – angen, babaring pambudidaya, wohing pangulah lakuning budaya utawa akal budi.
Saka lepasing lakune akal budi utawa nalare manungsa, mahanani ing donya iki akeh kaweruh lan kagunan warna – warna kayata : agama, kaweruh teknik, tetabuhan utawa musik (gamelan) tembang , joged,lan liya – liyane. Kabeh iku mau diarani kabudayan.


Babaring pangulah lakuning budi kang banjur diarani kabudayan iku pantoge nganti tekan bab – bab kang alungremit, nganti ora gampang ninrajang ing kelairan, ora kasatmata dinulu ing netra walaka. Saweneh ana golongan kang darbe panemu menawa agama iku ora kalebu kabudayan yaiku golongane wong – wong kang padha darbe piandel (keyakinan) yen agama iku anane ing marcapada marga saka peparinge (diturunake) dening Gusti Allah dadi dare piandel menawa agama iku dudu gaweyane manungsa. 

BLEGERE KABUDAYAAN JAWA

Blegere kabudayaan Jawa bisa kaperang dadi rong golongan yaiku kabudayaan batin lan kabudayaan lair. Kabudayaan batin iku kanggo kaperluaning batin (jiwa). Carane nggilut kabudayaan batin sarana laku. Dudu lakuning suku, nanging lakuning kalbu . Wong sing wis bontos ing babagan kabudayaab batin, bisa kasinungan:
1. Jejeg adeging uripe, marga batine (jiwane) ora tau gonjing ora tau tidha – tidha, ora tau was – sumelang, ora tau kegiwang marang samubarang.
2. Kawicaksanan
3. Bisa ngrungokake akasawakya utawa akasasabda ( swara ing langit, swara logos) kang njalari wong iku bisa nganggit layang “Jangka” yaiku layang kang isi pameca kadadeyan utawa kaanan kang bakal klakon. Wong kang kasinungan kaluwihan mengkono iku tembunge lumrah diarani sidik utawa weruh sadurunge winarah.

Kabudayaan lair iku kanggo kaperluane lair. Carane nggilut kabudayaan lair iku sarana sinau. Saperangane kabudayaan lair ana sing diarani Kagunan Adi luhung.

KABUDAYAAN ADI LUHUNG

Kabudayaan lair kang isi kaendahan, diarani kagunan adi luhung utawa kagunan edi peni, terkadang mung kasebut kagunan bae.
Wong kang bisa ngulah budayane utawa akal budine (nalare, angen – angene) nganti bisa mahyakake (menciptakan) apa – apa kang isi kaendahan, diarani wong guna (seniman, seniwati).
Mungguh kagunan adi luhung iku ana 6 warna yaiku :
1. Kagunan swara (langen swara utawa tembang, seni swara) yaiku kagunan adi luhung kang mahyakake swara kang endah. Endah mungguhing lagune, larase, iramane utawa cengokoke.
2. Kagunan Karawitan, yaiku kagunan kang mahyakake tetabuhan kang endah ( gamelan, musik).
3. Kagunan nggambar lan nyungging apadene natah (seni rupa, kalebu uga seni pahat lan seni lukis ) yaiku kang mahyakake rerupan kang edi peni utawa wewujudan kang endah, kayata nggambar, reca, ukir – ukiran lan liya -liyane.
4. Joged (seni tari) yaiku kang mahyakake solah bawa kang endah.
5. Tontonan (seni drama), mahyakake tetontonan (sandiwara) kang endah.
6. Kasusastran ( seni sastra), mbabarake bas kang endah kajaba saka iku ana kagunan adi luhung kang diarani pedalangan

Kagunan pedalangan kang ditindakake sarana wayang (kadadeyan saka pitung jejeran : jejeran kawitan, jejeran sabrangan, jejer bondhet, jejer pendhita utawa gara – gara, jejer uluk – uluk, jejer sumirat, jejer rina – rina) kang dipitontonake sajrone sawengi, isi babagan:
1. Mystiek kang mengku falsafah lan panembahan (Ketuhanan Yang Maha Esa).
2. Panggulawentah (Pendidikan) sarana tepa palupi yaiku wong awatak jujur wasanane luhur, wong awatak candhala wasanane cilaka.
3. Piwulang kaweruh warna – warna kang murakabi ing ngatase bebrayan Agung (masarakat) kayata : bab unggah – ungguh, tata krama, tata praja lan sapanunggalane.
4. Piwulang bab kagunan adi luhungnem warna yaiku:
a. Kagunan swara, dumunung ung tembang, suluk lan ada – ada.
b. Kagunan kapradanggan, dumunung ing lelagoning gamelan ( gendhing).
c. Kagunan nggambar lan nyungging sarta natah, dumunung ing rerenganing kelir, edine wayang, wewangun ana ing rericikane gamelan, penine grobogan ( wadhah gamelan), pulase gayor lang sapanunggalane.
d. Kagunan Joged ( lenggot bawa, kridha mataya) dumunung ing jogeding wayang.
e. Tontonan endah (seni drama ) dumunung ing lakoning wayang.
f. Kasusastran ( Seni sastra) dumunung ing cakepan tembang, suluk lan ada- ada, apadene basa kang kanggo janturan lan pocapan wayang.


Sumber: Blog Kangsura