Selasa, 31 Maret 2015

Maret 31, 2015 -

Sanggan, Paningset Saha Lambang Kalpika


Rehning lamaran sampun katampi saha pancasan inggih sampun golong gilig ateges karekat bebesanan sampun dados. Ing wekdal ingkang sae lajeng dipun adani upacara pasrah sanggan paningsetan.
Adicara pasrah sanggan punika nggadhahi ancas paring paningset saking kulawarga kakung dhumateng kulawarga putri. Cathetabipun putra kakung ningseti putri calon jatukramanipun. Ing papan sanes wonten ingkang mastani tukon.
Pasrah sanggan saha lambang kalpika punika minangka satunggaling cara utawi sarana paningsetan. Adicara pasrah sanggan lan lambang kalpika punika saged dipuntindakaken piyambak – piyambak utawi kagarba dados satunggal. Dene tumindakipun saged mirunggan, saged ugi kanthi prasaja.

Ubarampenipun adicara pasrah sanggan saha lambang kalpika :


1. Kalpika ingkang kawadhahan ing kandhaga alit
Limrahipun wujud pethi utawi kreta alit ingkang sinepuh perak utawi kemasan. Kalpika utawi seser wujudipun ali – ali bunder gilig boten sigar penjalin ingkang mawi pedhotan. Maknanipun tresnanipun ingkang badhe gesang tembayatan boten wonten telasipun, saking awal dumugi akhiripun , saking donya dumugi delahan.


2. Ageman putri sapengadek : kebayak, nyamping, kotang, kendhit utawi angkin, lan sapanunggalanipun.
Maknanipun : putra kakung badhe nyekapi sedaya kabetahaning garwa, nutupi sedaya wewados utawi saru sikuning garwa, ngemuli lair lan batosipun, temah garwa boten kawudan utawi boten kacingkrangan.


3. Rerenggan pelik – pelik : gelang, kalung, suweng, lan sapanunggalanipun
Maknanipun : Putra kakung tansah badhe ngudi dumoroting garwa, boten badhe tumindak ingkang saged ndadosaken kuceming garwa, satemah saged tepa palupining brayat.


4. Jadah, wajik, jenang lan sapanunggalanipun.
Maknanipun : Wos ketan menawi taksih wujud las – lasan taksih kemepyur, nanging menawi sampun kaolah dados jadah, wajik, lan sapanunggalaipun luluh dados satunggal, loro – loroning atunggal. Nadyan wujud jalu wanita saged saeka kapti ing pakarti, saeka praya ing sedya. Lapis warni abrit lan pethak punika minangka pralambang manunggaling rah lan sum – suming kakung putri. Rah saha sumsum punika boten saged kapisahaken. Pisah kekalihipun ateges sirna. Kados sedyanipun risang calon penganten ingkang pepacangan, boten wonten ingkang kuwawi misahaken kekalihipun kajawi oncating nyawa saking raga.


5. Woh – wohan : jeram, manggis, nanas, salak, lan sapanunggalanipun.
Maknaipun : Mugi tresnanipun kakung putri punika saged mujudaken woh ingkang sejati tumuju ing ancas ingkang sinedya nuninggih palakrama.


6. Suruh ayu lan gedhang ayu.
Maknaipun : Suruh pindha lumah lan kurepe, nadyan beda rupane nanging tunggal rasane. Sanadyan mijil tanapi wanita, menawi sampun manunggal ing rasa cipta, rasa miwah karsanipun, keklihipun badhe saged saeka praya ing sedya, saeka kapti ing pakarti. Sedaya wau namung awit saking tempuking rasa tresna lan asih. Pisang limrahipun pisang raja, amrih kakung putri tumindakipun pinindha raja ingkang sarwa – sarwi tanggel jawab.


7. Cengkir gadhing ( saged kagambar pepethan wayang Kumajaya – Ratih, Janaka – Sambadra).
Maknanipun : cengir punika isi toya ingkang suci mugi tresnanipun jalwestri wau linambaran tresna ingkang suci kados paraga wayang kasebut.


8. Arta utawi Buwuh
Maknanipun : Buwuh punika menawi dipun kerata dados imbuh imbuh anggenipun badhe ewuh. Tiyang mantu punika panci badhe kagungan damel utawi ewuh.


9. Urip – urip : ayam (lancur lan dhara) utawi kambangan utawi Banyak sajodho.
Maknanipun : Ingkang badhe jejodhohan sageda tanggel jawab dhumateng baryatipun kados dene urip – urip mau.

Awit saking kemajengan jaman, ubarampe kasebut saged kapesen utawi tumbas dados. Lumrahipun ubarampe pinetha peksi, ayam, utawi banyak ingkang winadhahan baki. Ubarampe katambah roti – roti, utawi nyamikan sanesipun.


Sumber: Blog Kangsura