
1. Frasa
Frasa utawa kelompok kata iku duwe tandha-tandha mengkene:
- Drajad dumunung ing antarane tembung lan klausa, utawa sadhuwure tembung lan sangisore klausa.
- Dumadi saka rong tembung utawa luwih.
- Tembung-tembug ang kadhapuk ing frasa urut-urutane ora kena ngluwihi wasesa.
Tuladha:
sepatu sandhal kandhang jaran
bocah lanang omah anyar
klambi amoh sepatu sandhal
kandhang jaran
bocah lanang
omah anyar
klambi amoh
Frasa bisa dijembarake kanthi nambah tembung iku, iki, kae, lan kuwi ing seseh tengene frasa kasebut. Tembung sing utawa kang uga bias kasisipake ing antarane tembung-tembung kang dadi perangane frasa. Malah sing/ kang lan iku, iki, kae, kuwi bias bebarengan sumambung ing frasa.
2. Klausa
Klausa yaiku rerangkening tembung kang bisa ngudhar sawijining gagasan utawa sawijining bab. Saora-orane, ing pacelathon utawa ing paguneman, Klausa iku kudu ana wasesane. Ananging basa tulis, klausa iku saora-orane dumadi saka jejer lan wasesa. Kajaba kuwi, klausa uga bisa malih dadi ukara. Gatekna tuladha ing ngisor iki
Dheweke kuwi // dhokter kewan
J W
dheweke kuwi (frasa)
dhokter kewan (frasa)
dheweke dhokter (klausa)
dheweke kuwi dhokter (klausa)
dheweke kuwi dhokter kewan (klausa)