Selasa, 31 Maret 2015

Maret 31, 2015 -

Pidhato

v Tegesipun Pidhato

Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.

Kegiyatan micara ing samgarepe wong akeh bisa kabagi dadi loro, yaiku :
a. Wong kang pidhato nalika rampung anggone menehi sesuluh marang pamiarsane,
lan ora menehi kalodhangan kanggo takon utawa menehi tanggepan.
Tuladhane kayata ceramah, wara-wara, lan khotbah.
  1. Wong kang pidhato nalika rampung banjur menehi wektu marang pamiarsa kanggo menehi tanggepan.
Tuladhane kayata diskusi lan rapat.
      Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing ngisor iki.

a. Naliti prakara kanthi
1) Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh.
2) Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure rata-rata
Piro, lsp.
3) Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa
Apa.
4) Milih lan mbatesi topic.

b. Nata pidhato kanthi
1) Nglumpukake bahan.
2) Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).
3) Ngandarake kanthi cetha.

c. Gladhen kanthi migatekake
1) Intonasi utawa lagu swara
2) Sikap
3) Gaya basa
4) Wirama

Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan
Pambuka, yaiku :
a. Nata pokok-pokok pikiran
b. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok
c. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)
d. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wisditata.

Tata cara (metode) pidhato bisa katindakake kanthi :
a. Cara naskah
Pidhato kanthi cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung. Cara iki nduweni kekurangan, yaiku kaku amarga antarane pidhato lan pamiarsa ora bisa bebas anggone padha nyawang sarta lagu ukara (intonasi).
b. Cara apalan
Cara iki akeh digunakake dening wong kang nembe ajar pidhato yaiku kanthi cara nyawisake naskah (teks) banjur diapalake.
c. Cara impromptu
Cara iki rada bedha karo loro cara sadurunge yaiku pidhato ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi lancer.
d. Cara ekstemporan
Cara iki namung nganggo cathetan cilik kang isine balunganing karangan. Cara pidhato iki ora ngapalake tembung-tembung nanging bisa ngembangake nganggo basane dhewe.

v Tegesipun Pranatacara saha Pamedharsabda

Pranatacara asring sinebat master of ceremony (MC) pambyawara, pranata adicara, paranata titilaksana, utawi pranata laksitanibg adicara. Regeng, rancag, nges, lan botenipun satunggaling adicara seperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, utawi pentas (show) , lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan , lan panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon.
Pamedhar sabda inggih punika paraga ingkang kajibah mbabar satunggiling prekawis ( wacana ). Ing tata upacara panghargyan pamedharsabda mundhi dhawuhipun ingkang hamengku gati, upaminipun paraga ingkang kajibah ngaturaken pambagyaharja, utawi ingkang kajibah ngaturaken panuwun dhateng para takziah ingkang sampun ndherek bela sungkawa
(wakil kulawarga), atur pambela sungkawa wakil saking para takziah, utawa atur panglibur dhumateng kulawarga ingkang nandhang dhuhkita.

v Tatacara Pidato

Wonten salebeting pidato, sikep sarira ugi kedah dipun gatosaken supados saged mranani ingkang mirengakaken. Tuladhanipun sikep ingkang kirang meranani kadosta :
1. Jumeneng kanthi lelendhehan papan wicara
2. Jumeneng kanthi lelambahan setunggal suku.
3. Salira ngewah – ewahi ( nganeh – anehi)
4. Mbesengut
5. Asring ngebahaken satunggiling sarira.
6. nglebetaken sarira wonten ing sak celana..
7. Boten nggatosaken ingkang midhangetaken.
8. Asring ningali nginggil. Lan sapanunggalane

                  Wondene ingkang kedah dipun gatosaken inggih punika perkawis – perkawis kadosta :
1. swanten ingkang los saha mantep.
2. irama swanten kedah trep selaras kaliyan kawontenan
3. rancaking pamicara kedah selaras kaliyan tandha – tandha wicara.

v Kepriye Urutane Isi Pidato

Supaya bisa cetha lan narik kawigatene pamireng / audience, isine pidhato kudu ditata utawa diracik kanthi urutan kang tumata. Bab perangane isi pidhato , tuladha cengkorongan ( karangka ) kaya mangkene :
1. Uluk salam/ salam pambuka
2. Purwaka basa
a. Atur pakurmatan
b. Puji syukur dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwasa
c. Atur Panuwun / ngaturaken ayahan
3. Surasane basa / isi pidhato
4. Wasana Basa ( Ukara kang mungkasi pidhato)
5. Salam Panutup

v Tuladha Pidhato

1. Atur Pasrah pinanganten Kakung
Assalamu alaikum wr. Wb
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin
Pamjenenganipun Bapak ……….sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelengahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa………………ingkang pantes sinugata ing tata krani. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa………… sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas…………………..dene wigatosing perlu nuninggih mekaten
Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa ………………sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa…………………sekaliyan garwa dalasan sedaya kadang kulawarga.
Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas……………….mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa ……………………ingkang nama rara ayu…………..miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengambyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancer tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.
Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu alaikum wr.wb.

2.
Assalamu alikum wr. Wb.
Panjenenganipun para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah
Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa……………..tan manggih rubeda tuwin sambikala.
Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.
Keparenga kula ing mriki minagka sesulihipun panjenengan bapa…………….ingkang ari kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning sepuh nuninggih amarhargya putra amiwaha siwiputra putrinipun ingkang nama risang Bagus………………………..jinatu krama dening rara ayu ……………..atmaja putrinipun bapa ………………….ingkang lenggah pidalem ing ………………wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah rikala dinten ……………surya kaping …………………..wonten ing KUA……………kanthi pranatan agami islam.
Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun idi pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa……………. Kalawau.

Sumber: Blog Kangsura