Sesorah utawa pidhato iku sawijining kaprigelan micara. Sesorah menika wicara utawa nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Gamblange wedharing pangandikan nduweni tujuan kang gumathok. Sing diarani wong akeh iku ora ana watese. Udakara luwih saka wong sepuluh.
Tujuan / ancase pidhato/sesorah yaiku :
1. Kanggo maringi pangertosan/informasi marang wong liya sing ngrungokake pidhato/sesorah.
2. Kanggo maringi panglipur/hiburan marang wong liya sing ngrungokake sesorah.
B. Jinising Sesorah
1. Sesorah cara apalan
Sesorah cara apalan inggih menika sesorah ingkang sakderengipun sampun damel seratan pidhato lajeng dipun apalaken tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan seratan.
2. Sesorah cara naskah / teks
Sesorah cara naskah / teks inggih menika sesorah ingkang juru pamedhar sabda saestu bekta naskah lajeng dipun waos sawetanipun. Cara menika asring dipun ginakaken dening para pejabat utawi punggawaning nagari.
3. Sesorah cara dadakan / improve
Sesorah cara dadakan / improve inggih menika cara pidhato mboten kanyana-nyana sakderengipun menawi badhe dipun aturi pidhato utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi pidhato.
4. Sesorah cara ekstemporan
Sesorah cara ekstemporan inggih menika cara pidhato, juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit mideningka gaman utami pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun pangendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng ingkang badhe dipun aturaken.
C. Urut-urutaning Sesorah
1. Uluk salam, yaiku ngaturaken salam sing sepisan. Lumrahe nggunakake tembung Assalamu’alaikum Wr. Wb. Liyane kuwi nggunakake tembung kula nuwun.
2. Purwaka, yaiku atur panuwun dhumateng para tamu lan ngaturake atur syukur marang Gusti kang Maha Agung
3. Isi, yaiku kabeh perkara kang diwedharake. Isi sing apik kudu diwedharake kanthi cetha.
4. Wigati / dudutan / kesimpulan, yaiku inti saka isi kang wis diwedharake.
5. Pangarep-arep, yaiku pituduh-pituduh lan pangarep-arep sing diwedharake marang wong kang ngrungokake.
6. Wusana, yaiku atur panuwun lan nyuwun ngapura, manawa ana kekurangane, ana kaluputane (nglenggana nduweni luput) nalika ngaturake sesorah.
7. Salam panutup, yaiku ngaturake salam kanggo mungkasi sesorah. Menawa agama Islam lumrahe Wassalamu’alaikum wr. wb. Saliyane iku matur nuwun utawa nuwun.
D. Etika Sesorah
1. Patrap utawi sikap
- Trengginas, tanggap, manteb lan luwes
- Wibawa, mboten inggih-inggih menapa malih ajrih
- Ngadeg kedah jejeg, mboten cepengan, mboten dhoyong utawi lendhetan
2. Busana
- Busananipun dilarasaken kaliyan kawontenan, uripun sampun ngantos kasar prabawa utawikepara nyolok mata.
3. Basa lan Sastra
- Basanipun mboten dakik-dakik ingkang tetembungan dereng utawi mboten dipun mangertosi tiyang kathah.
- Dene basa ingkang trep ugi ngengeti tuntunaning paramasastra ingkang leres, pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukarang ingkang cetha, kendho-kencenge, inggil andhape, cepet lindhike lsp.
Tuntunan sesorah saha panata Titi Laksana Prasaja,
Drs. Sutardja Atmasandjaja