- Ukara Carita
Yaiku ukara kang isine nyritakake sawijining bab utawa prastawa marang wong liya.
Tuladha:
- Minggu sesuk Bapak arep tindak menyang Purwokerto.
- Nalika kelas VII kula plesiran dhateng Jakarta kaliyan kanca-kanca sakelas. - Ukara Pakon
Yaiku ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing kongkon.
Tuladha:
- Dhik, tulung tutupna jendhela!
- Kelas sapunana supaya resik! - Ukara Pitakon
Yaiku ukara kang isine awujud pitakon.
Tuladha:
- Pak Guru Basa Jawa sing anyar kae asmane sapa ya?
- Kadospundi menawi Panjenengan tindak sapunika kemawon? - Ukara Sambawa
Yaiku ukara kang isine pangarep-arep, saupama utawa sanadyan. Limrahe nganggo tembung-tembung imbuhan -a utawa -ana.
Tuladha:
- Mas Joko tekaa saiki, aku wis kangen.
- Diwenehana klambi apik ya ora tau dienggo. - Ukara Sananta
Yaiku ukarang kang isine niyat, sedya utawa karep.
Tuladha:
- Sesuk awan arep-arep nggolek degan ijo nenem cacahe.
- Supaya munggah sekolah aku kudu sregep sinau.
